Riga
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Riga (basa Latvia: Rīga) iku ibu kutha negara Latvia sing ana ing pesisir Laut Baltik ing muara Kali Daugava. Kutha iki arupa kutha paling gedhé ing dhaérah negara Baltik lan dadi pusat budaya, pulitik, bisnis, kauangan, indhustri, lan pendhidhikan ing wilayah mau. Saliyané iku, Pusat Kutha Riga didadèkaké Situs Warisan Donya UNESCO.
Riga, sing wiyar wilayahé 307,17 km², pedunungé watara 731.762 jiwa (2005). Angka mau mudhun saka taun-taun sadurungé. Minangka pabandhingan, ing awal 1990-an Riga pedunungé watara 900.000 jiwa. Iki dijalari déning pindhahé pedunung keturunan Rusia sawisé kamardikan Latvia taun 1991.
|
|
|
|
Pranala njaba [sunting]
Wikimedia Commons gadhah galeri bab:
- (en) Situs resmi
- (en) Situs resmi pariwisata