Bosnia-Herzegovina
|
Bosna i Hercegovina
Босна и Херцеговина |
||||||
|---|---|---|---|---|---|---|
|
|
||||||
| Motto: — | ||||||
| Lagu kabangsan: Intermeco |
||||||
| Ibu kutha (lan kutha paling gedhé) |
Sarajevo | |||||
| Basa resmi | Bosnia, Serbia, Kroasia | |||||
| Pamaréntahan | Demokrasi parlementer | |||||
| - | Presiden anggota Ketua Dewan Menteri Dewan Perwakilan Tinggi |
Nebojša Radmanović1 (Etnis Serbia), Haris Silajdžić (Etnis Bosnia), Željko Komšić (Etnis Kroasia) Nikola Špirić Christian Schwarz-Schilling |
||||
| Kamardikan | ||||||
| - | - Diakoni | Dari Yugoslavia 5 April 1992 |
||||
| Jembar | ||||||
| - | Total | 51,129 km2 (127) | ||||
| - | Banyu (%) | bisa dilirwakaké | ||||
| Pedunung | ||||||
| - | Kira-kira 2006 | 3.832.301 (121) | ||||
| - | Sensus 1991 | 4.354.911 | ||||
| - | Kapadhetan | 78/km2 (90) | ||||
| PDB (KKB) | Kira-kira 2005 | |||||
| - | Total | AS$21,4 milyar (106) | ||||
| - | Per kapita | AS$5.504 (101) | ||||
| Valuta | Convertible Mark (BAM) |
|||||
| Zona wektu | (UTC+1) | |||||
| - | Musim panas (DST) | (UTC+2) | ||||
| Domain internet | .ba | |||||
| Kodhe tilpun | 387 | |||||
| 1. Ketua Kepresidenan kang dumadi saka telu anggota. | ||||||
Bosnia-Herzegovina uga ditepungi minangka Republik Bosnia lan Herzegovina, iku sawijining negara ing Balkan ing jagad Eropah. Pedunungé cacahé kira-kira ana 4,5 yuta lan jembar wewengkon 51.129 km². Ibu kuthané iku Sarajevo. Jeneng asli negara iki yakuwi Bosna i Hercegovina (tegesé Bosna lan Hercegovina), jroning aksara Latin lan Босна и Херцеговина jroning aksara Sirilik; nanging biasané, dicekak dadi Bosnia, BiH utawa БиХ . Negara iki dienggoni déning telung klompok etnik utama, yakuwi: Bosnia, Serbia lan Kroasia. Warga Bosnia sacara umum dikenali minangka Bosnian jroning basa Inggris tanpa ndeleng bangsané. Pamaréntahan negara iki dilakokaké sacara mencar lan negara Bosnia sabeneré dumadi saka persekutuan loro wilayah utama, yaiku, Federasi Bosnia lan Herzegovina lan Republika Srpska. Diwatesi déning Kroasia ing sisih lor, kulon lan kidul, Serbia ing sisih wétan, lan Montenegro ing sisih kidul, Bosnia lan Herzegovina minangka sawijining negara kang dikubengi déning dharatan kajaba pesisir pantai Laut Adriatik kang dawané 20 km kang ana ing kutha Neum. Tlatah pedhalaman negara iki kebak pagunungan lan uga kali kang akèh-akèhé ora bisa dilayari.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Pamérangan administratif
Bosnia-Herzegovina dipérang dadi Federasi Bosnia lan Herzegovina lan Republika Srpska. Federasi Bosnia-Herzegovina dipérang dadi 10 kanton:
- Kanton Una-Sana
- Kanton Posavina
- Kanton Tuzla
- Kanton Zenica-Doboj
- Kanton Podrinje Bosnia
- Kanton Bosnia Tengah
- Kanton Herzegovina-Neretva
- Kanton Herzegovina Barat
- Kanton Sarajevo
- Kanton Bosnia Barat
[sunting] Sajarah
[sunting] Sajarah wiwitan
Bosnia-Herzegovina minangka sawijining wilayah tapel wates antarané kabudayan Kulon lan Wétan. Ing abad tengahan, wilayah kasebut dadi ajang pasulayan lan parebutan pengaruh antara Romawi Kulon kang Katulik lan Romawi Wétan kang Ortodoks. Ing tengah pasulayan mau, uga mèlu sawijining klompok bid'ah Kristen kang disebut Bogomil. Sekte iki utamané duwé panganut masyarakat Bosnia kelas dhuwur.
[sunting] Galeri
-
Neum - Pasisir
-
Sawijining kreteg ing Višegrad sing uga ditepungi mawa "kreteg sadhuwuring drina" (sakiwa-tengené taun 1890)
-
Sawijining lapangan ing kutha Bosanska Dubica
-
Masjid "Gradska Džamija" ing Bosanska Dubica
[sunting] Delengen uga
[sunting] Referensi
- Ronald H. Bailey, Partisans and Guerillas. Time Life: 1978
- Noel Malcolm, Bosnia: A Short History. New York University Press: 1996
- Robert Lee Wolff, The Balkans in Our Time. Norton: 1978.
[sunting] Pranala njaba
Pirsani pandhuan wisata Bosnia-Herzegovina ing Wikitravel
- (en) Bosnia and Herzegovina online
- (en) Situs Kementerian Luar Negeri
- (en) Situs Kedubes Bosnia-Herzegovina di Washington, DC
- (en) Misi OSCE di Bosnia-Herzegovina
- (en) United Human Rights Council - Bosnia-Herzegovina
- (en) Bosnian Institute
|
||||||||
