Wong Bosnia
Wong Bosnia utawa Bosniak (jroning basa asli: Bošnjaci) iku wong-wong Slavia Kidul katurunan saka sebagéan pedunung sing alih agama dadi Islam jroning mangsa Karajan Ottoman (abad kaping-15 nganti abad kaping-19).
Wong Bosnia dijenengaké miturut jeneng Bosnia, sawijining negara ing sisih kulon Balkan. Perlu diwigatèkaké yèn wong-wong sing sadurungé diarani Muslim Bosnia iku wong-wong saka suku Bosnia, nanging ora kabèh Muslim ing tlatah Balkan kuwi saka suku iki; ana uga klompok Muslim Slavia Kidul kayadéné suku Pomak sarta Muslim non-Slavia kaya suku Albania, suku Turki, lan suku Roma.
Nalika kuwi disebut suku Muslim (wiwit taun 1968 ) kanggo gawé cetha. Sebab jeneng "Muslim" iki ngarujuk marang wong saka Bosnia-Herzegovina sing dudu Kroasia utawa Serbia, suku bangsa dominan liyané. Amarga wong non Krosia-Serbia iki akèh-akèhé (ananging ora kabèh) nganut agama Islam, mula jenengé banjur dadi "Muslim".
Wong-wong saka suku Bosnia nganggep Bosnia-Herzegovina minangka tanah leluhuré. Utamané digandhèngaké karo tlatah-tlatah mawa sejarah Krajina Bosnia, Bosnia, Herzegovina, Podrinje lan Sandzak.
Nanging jeneng suku Bosnia iki uga ora uwal saka kontroversi. Akèh wong-wong Kroasia lan Serbia nyatakaké yèn kanthi jeneng mau wong "Muslim" (kaya-kaya) ngeklaim kabèh wilayah Bosnia-Herzegovina, kamangka pedunubg asli Bosnia ora mung dhèwèké baé.
Ana watara 2,5 yuta wong-wong suku Bosnia ing saindhenging donya. Akèh-akèhé manggon ing Bosnia-Herzegovina (1.800.000). Basa sing dianggo yakuwi basa Bosnia.