Asem (tetanduran)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Woh asem

Asem iku tetanduran sing wohé dawa-dawa, mrengkel-mrengkel, rupa kulité coklat. Yèn isih enom dagingé wernané ijo, rada renyah, lan rasané kecut nemen. Nanging yèn wis tuwa dagingé banjur dadi coklat, rasa kecuté rada suda. Asem isa ditemoni ing ngendi waé ing Pulo Jawa. Asem bisa digunakaké kanggo bumbu masak, wedangan (wedang asem), jamu(kunir-asem). Amarga rasané kang kecut mau, bok menawa asem uga digawé tembung kang kasar yaiku asemane.

Bab lan Paragraf

Karakteristik [sunting]

Asem (Tamarindus indica) kalebu tanduran kultivar dhaérah tropis lan kagolongaké tanduran polong.[1] Wit lan pang-pangé atos banget lan bisa thukul sangsaya gedhé lan godhongé nggrembuyeng.[1] Asem kalebu tanduran taunan kang biyasané ditandur ing pinggir dalan kanggo paru-paru kutha.[1] Godhong asen nduwéni gagang dawa, dawané kurang luwih 17 cm lan nduwéni sirip kang cacahé genep.[1] Kembang asem wernané rada abang lan wohé rupané coklat lan rasané kecut.[1] Ing njeroné woh kang bentuké polong ana kulit kang mbungkus woh asem, lan ana wijiné.[1] Wiji asem cacahe 2-5 saben asem.[1] Wiji asem bentuké pipih lan wernané coklat rada ireng.[1] Wit asem uga bisa nahan ombak, saengga bisa ngurangi abrasi.[2]

Dasa nama [sunting]

Jeneng Latin: Tamarindus indica, Linn.[1] Famili : Leguminosae[1]

Jeneng Lokal : Tamarind (Inggris); Tamarinier (Perancis); Asam Jawa (Indonesia); Celangi, Tangkal asem (Sunda); Asem (Jawa)[1]

Kagunan [sunting]

Daging asem ngandhut vitamin B kang akéh. Daging asem uga bisa dipangan mentah utawa digawé selé, sirup lan permén.[3][3] Kembang, godhong lan wiji asem uga bisa dipangan lan dimasak.[3] Wiji asem uga bisa diolah dadi témpé wiji asem.[3] Kayuné bisa diolah dadi mébel, kayu bakar lan uga dadi areng.[3] Godhong asem bisa kanggo campuran jangan asem.[3] Saliyané iku uga bisa dadi pakan ternak.[3] Oyot asem kang jero bisa ngalangi lan nahan angin lan badai. [3]Saliyané iku asem uga bisa dadi paru-paru kutha.[3]

Gizi [sunting]

Asem ngandhut sényawa kimia kayata asam appel, asam sitrat, asam anggur, asam tartrat, asam suksinat, pectin lan gula invert.[1]

Asem kang mateng wit, saben woh asem ngandhut gizi kayata:[1]

Kulit wijine ngandhut phlobatannnin lan wijine ngandhut albuminoid lan pati.[1]

Khasiat [sunting]

Asem akéh-akéhé thukul ing dhaérah tropis kayata Indonésia.[4] Asem nduwéni khasiat kang akéh, saliyané apik kanggo kaséhatan awak, asem uga bisa dadi kanca akrabé wong wadon tégesé migunani banget kanggoné wong wadon.[4] Asem bisa kanggo masak, kanggo jamu lan kanggo njaga boboté awak utamané para wadon supaya tetep langsing.[4] Asem rasané kecut, pada kaya jenengé.[4] Rasa kecut ing asem amarga asem ngandhut zat-zat kang marakaké kecut. [4]Zat-zat mau yaiku asam tetrat, asam malat, asam sitrat, asam suksinat, lan asam asetat.[4]

Ananging, saliyané rasané kang kecut, asem uga bisa kanggo njaga percernaan lan bisa nglancaraké perédaran darah. [5]Kanggo wong wadon, ngombé jamu kang bahané saka asem bisa ngurangi nyeri utawa linu yèn lagi ménstruasi.[5]

Asem biyasané dianggo campuran ing jamu-jamu, amarga asem duwéni khasiat kang bisa ngobati werna-werna penyakit. [5]Tuladhane bebelen, pegel linu, nyeri weteng, lara tenggorokan, watuk, pilek nganti keperkasaan priya.[5]

Akéh panalitén kang njléntréhaké yèn ékstrak asem nduwéni anti baktèri kang kuwat.[5] Anti baktÈri iki bisa nglawan baktèri E-Coli.[5] Asem uga ngandhut zat-zat kang diprelokaké awak kayata protéin, lemak, kalori,hidrat arang, fosfor, zat besi, vitamin A, vitamin B1, lan uga vitamin C kang bisa ningkatake kekebalan lan kaséhatan awak.[5]

Penyakit kang bisa diobati [sunting]

Asma, Watuk, Demam, awak panas, Reumatik, Lara weteng, Morbili, Alergi/biduren, Sariawan, Tatu anyaran, borok, Eksim & Bisul, Aboh amarga dintup klabang/tawon, Rambut rontok, dicokot ula kang ana wisané.[1]

Tas [sunting]

Wiji asem bentuké werna-werna lan unik. Wernane ireng lan alus. [6]Wiji asem kang biyasané mung dadi winih utawa dadi sampah kang ora migunani uga bisa digawé tas.[6] Inovasi iki ndadékaké wiji asem kang mauné ora ana gunané lan dadi sampah kang ngregedi bisa dadi tas kang nduwéni nilai ekonomis kang dhuwur.[6]


Jenis-jenis wit utawa woh asem:[1]

Chatetan Suku [sunting]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p (id)www.permenasem.com(dipunundhuh tanggal 2 Mei 2011)
  2. ^ (id)www.antaranews.com(dipunudhuh tanggal 3 Mei 2011)
  3. ^ a b c d e f g h i (id)www. dephut.go.id(dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
  4. ^ a b c d e f (id)www.lintasberita.com(dipunundhuh tanggal 2 Mei)
  5. ^ a b c d e f g (id)www.kabarinews.com(dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
  6. ^ a b c (id)www.uny.ac.id(dipunundhuh tanggal 3 Mei 2011)
Delengen Uga Who-wohan
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Asem_(tetanduran)&oldid=849940"