Manggis
| Manggis | |
|---|---|
| Woh manggis | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Malpighiales |
| kulawarga: | Clusiaceae |
| Genus: | Garcinia |
| Species: | G. mangostana |
| Jeneng binomial | |
| Garcinia mangostana L. |
|
Manggis (Garcinia mangostana L.) iku sajenis wit ijo langgeng saka dhaérah tropika sing diyakini asalé saka Kapuloan Nusantara. Tuwuh bisa nganti 7 tekan 25 meter.[1] Wohé uga diarani manggis, awerna abang rada ungu nalika mateng, senadyan ana uga varian sing kulité awerna abang. Woh manggis jroning perdagangan ditepungi minangka ratu woh, minangka pasangan durèn, si raja woh.
Manggis isih sakerabat karo kokam, asem kandhis lan asem gelugur, rempah bumbu pawon saka tradhisi boga India lan Sumatra.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Nandur
Manggis bisa thukul ing dhataran rendah nganti dhaérah kang dhuwuré 800 m dpl.[3] Curah hujan kang pas kanggo ngrembakané manggis yaiku antarané 1500-2500 mm/taun kanthi periode basah 6 wulan.[3] Lemah kang apik kanggo nandur manggis yaiku ing lemah kang subur lan akéh bahan organik. Lemah iku uga nduwéni aerasi kang apik.[3] Jinis tanah kang bisa digunakaké kanggo nandur manggis yaiku tanah kang rada berat nganti tanah kang ringan.[3]
Bibit manggis bisa ditengkaraké kanthi cara ''végétatif'' yaiku kanthi cara sambungan utawa ''éntén''.[3]
[sunting] Kebak ing Guna
Buah manggis bisa langsung dipangan dadi buah seger lan uga bisa diolah dadi buah kaléng. Saliyané iku manggis uga bisa digawé sirup utawa sari buah. [4]Manggis uga bisa dadi obat tradisional kanggo nambani lara sariawan, wasir, lan borok.[4] Manggis ngandhut vitamin C kang cacahe akeh. [4]Kulit manggis bisa dimanfaataké kanggo pewarna.[4] Tuladhané pewarna kanggo tékstil.[4] Banyu godhogan kulit manggis uga bisa kanggo obat tradisional. [4]Munpangan liyane yaiku ing wit manggis.[4] Wit manggis bisa dianggo dadi kayu bakar, lan kanggo bahan bangunan. [4]Saliyané iku wit saka woh kang wernané putih iki bisa digawé kerajinan tangan kayata kanggo asésoris, hiasan dinding utawa hiasan kanggo ''dékorasi'' ruangan.[4]
[sunting] Habitat
Dhaérah kang dadi pusat tanduran manggis yaiku Kalimantan Wetan, Kalimantan Tengah, Jawa Kulon,Jasinga, Ciamis, Wanayasa, Sumatra Kulon, Sumatera Utara, Riau, Jawa Wetan lan Sulawesi Lor.[5]
[sunting] Kulit manggis
Kulit masnggis kang diolah dadi sari kulit manggis nduwéni antioksidan kang dhuwur banget.[5] Mulané sari kulit manggis manfaaté akeh tumprap kaséhatan.[5] Antioksidan kang ana ing kulit manggis bisa nangkal radikal bébas lan polusi kang ana ing sakupengé manungsa, lan ndadékaké awak luwih kebal yen diserang penyakit.[5]
Kulit manggis kang wis digawé ékstrak bisa ngurangi 70 % gangguan kaséhatan.[5] Gangguan kaséhatan iku kayata stroke, kanker, diabetes, jantung, hipertensi, nyeri kang disebabaké sindroma terowongan karpal, ngurangi kadar gula darah tinggi, ngurangi psoriasis, lan liya-liyané.[5]
[sunting] Chatetan suku
[sunting] Pranala njaba lan réferènsi
- (en) Fruits of Warm Climates: Mangosteen
- (en) Know and Enjoy Tropical Fruit: Durian & Mangosteens
- (en) Garcinia mangostana (Clusiaceae)
- (en) Mangosteen Research Studies
- (en) Five Decades with Tropical Fruit, A Personal Journey (2001) by William Francis Whitman
| Deleng Uga Who-wohan | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing Wuluh |
|||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu |
|||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka |
|||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |
|||