Anggur (woh)
| Anggur, abang utawa ijo Nilai khasiat per 100 g |
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Tenaga 70 kkal 290 kJ | ||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
Wit anggur kuwi klebu jinis woh-wohan non-climacteric (ora usum-usuman). Tuwuh minangka tanduran kang tahan urip mataun-taun ( perennial ) lan arupa wit grumbul kang mrambat ( deciduous woody vine ), saka genus Vitis. [1]Woh anggur bisa dipangan mentahan utawa digawé jam, jus, jèli, cuka anggur, ombènan anggur lan lenga wiji anggur.[2] Anggur tuwuh nggrombol wiwit 6 nganti 300, lan wernané bisa ireng, biru, emas, ijo, ungu, abang, jambon,coklat, peach (jambon kekuningan}, utawa putih.[1] Senajam mengkono, anggur "putih" sakjané werna ijo, nanging sacara alon-alon malih rupa sing asalé saka anggur abang.[2] Mutasi saka loro gèn kang temata ngendhegaké produksi anthocyanin, yakuwi zat sing marahi rupané anggur dadi abang.[3].
Bab lan Paragraf |
Habitat [sunting]
Anggur kalebu tanduran kang dimanfaatkè wohè.[4] Anggur arupa tanduran perdu kang mrambat. Yèn nandur anggur biyasanè dirambatakè ing anjang-anjang utawa ing wit liyanè.[4] Tanduran anggur bisa urip subur ing dhaèrah dhataran rendah.[4]
Wit Anggur [sunting]
Akèh-akèhé anggur asal saka cultivars Vitis vinifera, yakuwi wit anggur Eropah sing asalé saka tlatah Mediterranean lan Asia Tengah Minor, dadi tanduran anggur jinis kang sumebar ing Amérika land Asia, kayata :
- Vitis labrusca, wit anggur kanggo anggur méja lan anggur jus saka Amérika Lor, kadhangkala dipigunakaké minangka ombènan anggur (wine). Asalé saka Amérika sisih wétan lan Kanada.[4]
- Vitis riparia, wit anggur liar saka Amérika Lor, kadhangkala digawé ombènan anggur lan jam. Asalé saka Amérika sisih wétan lan loré Quebec.[4]
- Vitis rotundifolia, utawa muscadine, digawé ombènan lan jam. Asalé saka Amérika kidul-wétan wiwit Delaware nganti Teluk Meksiko. [4]
- Vitis vulpina Anggur beku. Asal saka Amérika Serikat wiwit saka tlatah tengah-kulon wétané panté nganti tekan New York.
- Vitis amurensis jinis paling wigati saka Asia.[4]
Anggur Segara Coccoloba uvifera kuwi sakjané kaluwargané anggur Buckwheat Polygonaceae lan asalé saka pulo-pulo ing segara Karibia.[4]
Kebak ing Guna [sunting]
Anggur bisa dimanfaataké kanggo nggawé produk minuman férméntasi. [4]Asil férméntasi anggur kang nagndhut alkohol biyasané diarani Wine, anggur uga bisa digaringké dadi kismis lan kanggo industri selai lan jeli.[4] Anggur uga bisa dipangan kanggo buah.[4]
Distribusi lan prodhuksi [sunting]
Miturut "Food and Agriculture Organization" (FAO), 75,866 km2 lumahing bumi dinggoni tanduran anggur.[2] Kira-kira 71% prodhuksi anggur donya digawé ombènan anggur (wine), 27% dadi panganan woh seger, lan 2% digaringaké.[2] Sebagéyan prodhuksi anggur dianggo nggawé jus anggur kanggo pemanis woh-wohan kalèng kang tanpa tambahan gula lan "100% alami".[2] Tlatah kebon anggur tansaya tambah kira-kira 2% saben taun.[2]
Tabel ing ngisor iki minangka daftar prodhusèn anggur kang pinunjul ing donya.:
| Negara | Ambané tlatah kebon anggur |
|---|---|
| Spanyol | 11.750 km² |
| Prancis | 8.640 km² |
| Italia | 8.270 km² |
| Turki | 8.120 km² |
| Amérika Sarékat | 4.150 km² |
| Iran | 2.860 km² |
| Rumania | 2.480 km² |
| Portugal | 2.160 km² |
| Argentina | 2.080 km² |
| Australia | 1.642 km² |
| Inggris | 10,53 km² |
Sumber: FAO, Organisation Internationale de la Vigne et du Vin (pdf), Australian Wine and Brandy Corporation.
Jinise [sunting]
Jinise anggur yakuwi kaya kang katulis ing ngisor iki.[5]
- Anggur abang
- Anggur ijo
- Anggur kuning
- Anggur ireng
- Anggur Australia
- Anggur Bali
- Anggur Chifung
- Anggur Chinsiang
- Anggur Delaware
- Anggur Gros Colman 12
- Anggur Isabela 1
- Anggur Probolinggo Biru 81
- Anggur Probolinggo Putih 14
- Anggur Turki
- Anggur White Malaga
Delengen uga [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- Integrated Taxonomic Information System entry for Grape family
- Area under vine (pdf)
- Wild Grapes
- 300 Grape Varieties for Wine
- Wine Wiki
- SAFECROP - Proceedings of the 5th International Workshop on Grapevine Downy and Powdery Mildew
- World's Healthiest Foods, in-depth nutrient profile for grapes
Chatetan Suku [sunting]
- ^ a b (id)[1](dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
- ^ a b c d e f (id)[2](dipunundhuh tanggal 24 April 2011)
- ^ Walker AR, Lee E, Bogs J, McDavid DA, Thomas MR, Robinson SP (2007). "White grapes arose through the mutation of two similar and adjacent regulatory genes". Plant J 49 (5): 772–85. PMID 17316172.
- ^ a b c d e f g h i j k (id) - Similar(dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
- ^ (id)[3](dipunundhuh tanggal 23 April 2011)
| Jinising Woh-wohan | |||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Anggur |
Apel |
Apokat |
Asem |
Bléwah |
Blimbing |
Blimbing Wuluh |
|||
Cempedak |
Durèn |
Dhondhong |
Dhuku |
Dhuwet |
Gedhang |
Jambu |
|||
Jeruk |
Katès |
Kesemek |
Klapa |
Klèngkèng |
Manggis |
Nangka |
|||
Nanas |
Pelem |
Rambutan |
Salak |
Sawo |
Semangka |
Srikaya |
|||