Taman Nasional Kerinci Seblat
Praèn
| Taman Nasional Kerinci Seblat | |
|---|---|
| Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
| Barkas:P47c4d49402b11.jpg | |
| Jinis | Alam |
| Wewaton | vii, xi, x |
| Rujukan | 1167 |
| Tlatah UNESCO | Asia-Pasifik |
| Sujarah prasasti | |
| Prasasti | 2004 (Sési angka 28) |
Taman Nasional Kerinci Seblat iku taman nasional gedhé dhéwé ing Sumatra, Indonésia sing jembaré 13,750 km² lan mbentang ing patang provinsi yaiku Sumatra Kulon, Jambi, Bengkulu lan Sumatra Kidul. Taman nasional iki dumunung ing koordinat antara 100°31'18"E-102°44'01"E lan 1°07'13"S-1°26'14"S.
Taman nasional iki dumadi saka Pegunungan Bukit Barisan sing duwé wewengkon dataran paling dhuwur ing Sumatra, Gunung Kerinci (3.805 m). Taman nasional iki uga dumadi saka mata air-mata air panas, kali-kali sing mili banter, guwa-guwa, grojogan lan tlaga kaldera paling dhuwur ing Asia Kidul-wétan, Gunung Tujuh.
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- www.kerinci.org - Situs resmi Archived 2000-09-20 at the Wayback Machine.

Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Kerinci Seblat National Park.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké.