Taman Nasional Siberut

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Taman Nasional Siberut, Sumatra Barat

Taman Nasional Siberut dumunung wonten ing Pulo Siberut, Kabupatèn Kapuloan Mentawai, Sumatera Barat. Taman Nasional ingkang jembaripun 190.500 hektar punika katetepaken kanthi "Surat Dudutan Mantri Kehutanan No. 407/Kpts-II/1993". Saderengipun taun 1981 pulo punika sampun katetepaken dados "cagar biosfer" mawi projek Man and Biosphere UNESCO.[1]

Ing Pulo Siberut kacathet antawisipun 896 jinis tetuwuhan kayu, 31 jinis mamalia, kaliyan 134 jinis peksi. Ugi wonten sekawan (4) jinis endemik primata ingkang badhé cures, inggih punika siamang Mentawai (bilou, Hylobates klossii), lutung (joja, Presbytis potenziani), monyet Mentawai (simakobu, Simias concolor), saha beruk (bokoi, Macaca pagensis).[1]

Peta Pulo Siberut

Kawasan "Hutan hujan" kirang langkung dumugi 65 % Pulo Siberut. wana punika minangka papaning tetuwuhan ugi sato kanggé sumber panguripanipun, saha dados panyengkuyung panguripanipun masarakat Mentawai kanggé bahan obat tradhisional.[2]

Pulau Siberut kalebet Taman Nasional Siberut punika minangka salah satunggaling Cagar Biosfir ingkang dipuntetepaken déning UNESCO wonten ing Program Man and the Biosphere (MAB).[3]

Boten kathah pangunjung ingkang mlebet wonten ing kawasan taman nasional, saha dumugi sapunika obyek utama kanggé para pangunjung dhumateng Puli Siberut namung saperlu ningali budaya masarakat Mentawai ingkang dumunung wonten ing sakanan kiringipun taman nasional. Wonten ing kathah bab, masarakat Mentawai minangka bebrayan ing Indonésia ingkang taksih sanget tradhisional saha sapérangan ageng nganut kapitadosan animisme. Kegiatan sosialipun kapusataken ing kiwa-tengené UMA, inggih punika sawijining "rumah bersama" ingkang ukuranipun dawa saha dipunhuni déning 30-80 tiyang.[2]

Fauna Taman Nasional Siberut[besut | besut sumber]

Hylobates klossii (Bilou utawi Siamang Kerdil), Bilou minangka jinis primata ingkang paling misuwur wonten ing Mentawai. Kanthi anatomis kalebet jinis ungko paling sepuh ingkang taksih gesang kanthi wulu-wulu ingkang arang kanthi warni cemeng saha selaput antawising driji angka kalih kaliyan angka tiga. Pekik Bilou paling prasaja antawis pekikan ungko, langkung dawa, variatif saha boten kalakokaken déning ungko sanèsipun. Bilou uripipun kanthi kelompok ingkang kasungsun saking induk lanang saha babon kanthi anak-anakipun ingkang déréng ageng (ingkang taksih eném). Bilou kalebet kéwan monogami kanthi satunggal kulawarga rata-rata tiga dumugi sekawan cacahipun, déné cacahing anggota saben kelompok saged dumugi ing cacah 11 ungko.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b [1](dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2012)
  2. a b c [2] Archived 2011-08-19 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 1 Oktober 2012)
  3. [3] Archived 2012-01-18 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 20 November 2012)