Taman Nasional Karimunjawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Taman Nasional Karimunjawa
IUCN Category II (Taman Nasional)
Tanjung Gelam, salah siji pasisir ing Karimunjawa
Tanjung Gelam, salah siji pasisir ing Karimunjawa
Lokasi Kapuloan Karimunjawa, Kabupatèn Jepara, Jawa Tengah, Indonésia
Kutha paling cedhak Jepara
Jembar 110.117 hektare (termasuk daratan)[1]
Madeg 2001
Badan sing nglola Kementrian Kehutanan

Taman Nasional Karimunjawa ya iku gugusan kapuloan kang cacahé 22 pulo kang papané ana ing Segara Jawa, duwé amba 111.625 Ha.[2] Taman Nasional Karimunjawa ditetepake dadi Cagar Alam Segara karo SK Menhut No.123/Kpts-II/1986 kang sakbanjure nalika taun 1999 nanggo Keputusan Menhutbun No.78/Kpts-II/1999 Cagar Alam Karimunjawa lan perairan sekitare kang ambane 111.625 Ha diubah dadi Taman Nasional kanthi jeneng ya iku Taman Nasional Karimunjawa.[2] Taun 2001 separo ambane kawasan Taman Nasional Karimunjawa ya iku ambane 110.117,30 Ha ditetepake dadi Kawasan Pelestarian Alam Perairan nanggo Keputusan Menhut No.74/Kpts-II/2001.[2] Permasalahan kang ketok ana ing pengelolaan kawasan iki ya iku perlindungan ekosistem perairan segara.[2] Perkara iki disebabake merga kawasan Karimunjawa dadi salah siji saka telu pusat perikanan kang dadi andalan ana ing Jawa Tengah, lan faktane ya iku setengah saka penduduk Karimunjawa kang jumlahe luwih saka 8.800 jiwa duwé pakaryan dadi nelayan kang nggantungake uripe marang sumber daya perikanan.[2] Mula saka iku sumber daya perikanan dadi andalan ana ing pengembangan perekonomian ing kawasan iki.[2] Permasalahan kang ana ya iku disebabake merga ana ing pamanfaatane sumber daya perikanan kang cenderung over utamane ana ing iwak jinis pelagis cilik, usaha penangkapan iwak kang ngrusak ekosistem terumbu karang ya iku kanthi nganggo apotas utawa sianida lan uga jaring kang bisa ngrusak terumbu karang.[2] Saiki Taman Nasional Karimunjawa dikelola déning Balai Taman Nasional Karimunjawa kanthi tugas utamane ya iku pengelolaan ekosistem kawasan Taman Nasional Karimunjawa kanggo tujuan konservasi Sumber Daya Alam Hayati lan Ekosistem miturut peraturan perundangan kang berlaku.[2]

Cathetan Suku[besut | besut sumber]