Menyang kontèn

Tiyang India-Indonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka India-Indonesia)
Barkas:Tiyang India-Indonésia.jpg
Tiyang India-Indonésia
Suku India-Indonésia
Gunggung cacah jiwa
(120.000[butuh sitiran])
Tlatah mawa cacah jiwa akèh
Acèh, Padang, Sumatra Lor, Bengkulu, Jakarta, Bandung, Semarang, Surabaya, Nusa Tenggara Barat
Basa
Hindi, Tamil, Indonésia, lsp
Agama
Hindhu, Sikh, Islam, Buda, Jain, Kristen
Golongan ètnik magepokan
bangsa Arya, Tiyang Punjabi, Bali lan Tamil

Tiyang India-Indonésia punika tiyang Indonésia katurunan India. Wonten sapérangan golongan suku India-Indonésia ingkang sampun dangu dumunung ing Indonésia. Kelompok suku masarakat Tamil saking India Selatan kathah kapanggih ing laladan Sumatra Lor (Medan, Pematang Siantar, lsp). Kathah saking golongan punika ingkang dipunrawuhaken déning pamarntah kolonial Inggris saperlu makarya ing pakebonan-pakebonan ingkang dipunbikak ing laladan mau. Marimutu Sinivasan salah satunggaling pengusaha India-Indonésia ingkang asalipun saking suku Tamil, ingkang mijil ing Sumatra Lor.

Ing Jakarta, masarakat Tamil-Indonésia gadhah organisasi ingkang nama Indonésia Tamil Tamram ingkang éwah ing pelestarian basa lan budaya Tamil, yasa pangerten antawis tiyang India lan Indonésia, lan maringi kesempatan sinau kanggé anak-anak Tamil ing Indonésia saperlu sinau basa ibunipun. Kangge maksud mau, organisasi punika ngawontenaken kursus basa lan budaya mbagikaken literatur ing basa Tamil, ngawontenaken manéka kegiyatan, kados debat, drama, jogèd, lan musik, ngrawuhaken artis-artis kaloka saking India ing babagan jogèd, musik, drama, lsp.[1]

Kelompok suku masarakat Punjabi saking India Utara kathah dumunung ing kutha-kutha ageng ing Jawa, kados Jakarta, Bandung, Yogyakarta, Surabaya, lsp. Lan limrahipun gesang dados pedagang. Kathah ingkang gamanipun Sikh. Sapérangan tokoh ingkang misuwur saking masarakat punika kados ta Raam Punjabi, ratu sinétron Indonésia lan garwanipun, Rakhee Punjabi, H.S. Dillon, nimpuna ékonomi tetanèn. Pageasngan masarakat Indonésia keturunan India dipunkemas kanthi unik ing salebeting serial télévisi "Raj's Family" ing salah sawijining stasiun télévisi swasta. Sawijining tokoh Punjabi-Indonésia ingkang asring dipunlalekaken inggih punikaGurnam Singh, pelari maraton taun 1960-an ingkang dados pelari paling rikat Asia ing Asian Games 1962 ing Jakarta.[2] Gurnam Singh asalipun ugi saking Sumatra Lor.

Kajawi punikaa, ing Indonésia ugi wonten golongan suku masarakat Sindhi ingkang ugi kathah peranipun ing dunya dagang ing Indonésia. Umunipun ebah ing babagan indhustri garmen lan tekstil, tetedhan lan tetanèn, perfilman, intan permata lan batu-batu mulia. Masarakat Sindhi ing Indonésia gadhah organisasi sosial ingkang dipunsebut Gandhi Seva Loka ingkang kathah nyukani bantuan dhumateng komunitasipun piyambak, sarta ngawontenaken program tiyang sepuh asuh kanthi teratur. Organisasi punika ugi nulung kaum fakir-miskin ing kalangan masarakat ingkang langkung umum, mliginipun nalika ékonomi nagara dipunlandha krisis ingkang dangu.

Ing aktivitas sosialipun, masarakat India-Indonésia yasa sekolah Gandhi International School ing Jakarta. Kajawi punika, wonten ugi sapérangan gurdwara, papan ngibadah masarakat Sikh, lan kuil Hindhu saperlu ngibadah ingkang gadhah agama Hindhu.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Maneka golongan masarakat saking anak bawana India sampun rawuh ing kepulauan Indonésia wiwit jaman pra-sajarah. Ing Bali, tuladhanipun, manéka sisa keramik wiwit abad kapisan Masehi sampun kapanggihaken. Malah nama Indonésia piyambak asalipun saking basa latin Indus "India" lan basa Yunani nêsos "pulo" ingkang kanthi barès ateges 'Kepuloan India'. Wiwit abad kaping 4 lan kaping 5, prabawa budaya India dados langkung jelas. Basa Sanskerta dipun-ginakaken ing manéka prasasti. Nanging wiwit abad ke-7, huruf India samsaya jarang dipun-ginakaken kanggé nyerat basa-basa setempat ingkang sapunika sampung ngandhut kathah silihan boten namung saking basa Sanskerta, nanging ugi saking basa Prakerta lan basa-basa Dravida.

Kajawi punika, masarakat pribumi Indonésia ugi wiwit mlebet agama-agama India, mliginipun Siwaisme lan Buda. Nanging wonten ugi ingkang mlebet Wisnuisme lan Tantrisme.

Dipunpitadosi ugi bilih manéka penduduk India ugi dumunung ing Indonésia, campur gaul lan asimiliasi kaliyan penduduk setempat, amargi nalika abad ke-9 wonten ing sawijining prasasti saking Jawa Tengah dipunsebutaken nama-nama manéka penduduk India (lan Asia Tenggara):

[...]ikang warga kilalan kling ārya singhala pandikiri drawiḍa campa kmir […] (Brandes 1913:1021).
[...] warga sipil ingkang saged dipunmanfaataken inggih punika: tiyang-tiyang saking Kalinga (India Selatan),Arya (India Utara), Sri Lanka, tiyang-tiyang saking Pandikira, bangsa Dravida,Campa, lan Khmer […]

Pungkasan, kanthi bangkitipun Islam, agama Islam dipunbekta ing Indonésia déning tiyang-tiyang Gujarat wiwit abad kaping 11, boten kanggé nggantosaken sistem-sistem keagamaan ingkang sampun wonten, nanging kanggé jangkepi.

Warisan India ing Indonésia

[besut | besut sumber]

Warisan agama Hindhu ingkang taksih wonten ing sapérangan papan ing Sumatera, Jawa, Bali, lan Kalimantan, minangka butinipun. Kisah epos Mahabharata lan kisah klasik Ramayana sampun dados péranganing pagesangan saben dinten kathah tiyang Indonésia. Kathah nama tiyang Indonésia ingkang migunakaken nama-nama India utawi Hindhu, déné boten ateges bilih piyambakipun gadhah agama Hindhu. Nama-nama kados "Yudhistira Adi Nugraha", "Bimo Nugroho", "Susilo Bambang Yudhoyono", sedayanipun nggambaraken prabawa India ingkang kiat sanget ing Indonésia. Kajawi punika ing sapérangan papan, katingal sisa-sisa keturunan masarakat India ingkang sampun nyampur kaliyan masarakat Indonésia. Nama-nama kulawraga (amarga) ing kalangan masarakat Batak Karo, kados Brahmana lan Gurusinga ingkang katingalipun saking nama-nama India, nedahaken warisan mau.

Ing Jakarta wonten laladan ingkang dipunsukani nama Pekojan ing Jakarta Kota, lan Koja ing Jakarta Utara. Kekalih laladan punika rumiyin minangka pemukiman tiyang-tiyang India Muslim ingkang dipunsebut ugi tiyang Khoja. Umumipun asal saking laladan Cutch, Kathiawar lan Gujarat. Asalipun saking kasta Ksatria. Nalika abad kaping 14, komunitas punika mengalami éwahan ingkangn ageng nalika sawijining mubaligh Pèrsi, Pir Sadruddin, nyebaraken agama Islam ing papan punika lajeng nyukani nama "Khwaja", lan saking tembung punika dipunangsal tembung "khoja" utawi "koja". "Khawaja" piyambak ateges "guru, tiyang ingkang dipunhurmati lan cekap beradab".[3]

Prabawa India ing Masakan Indonésia

[besut | besut sumber]

Prabawa India tumrap masakan nuswantara, saged dipunmangertosi saking gayutan antawis Kesultanan Mughal ing India kaliyan Acèh, antawis abad 15 dumugi abad 16[4]. Maneka prabawa Mughal dipunduga saged kapanggih ing masakan ingkang pedhes lan kanthi santen. Wonten kalih pamanggih ingkang béda babagan asal-usul raos pedhes punika. Kapisan, sumber pedhes dipunsebutaken asalipun saking lombok ingkang dipunbekta déning bangsa Portugis ing Mughal, saéngga dumugi ing nuswantara. Kalih, tiyang India sajatosipun sampun kenal lombok, sadèrèngipun tiyang Portugis tumeka.

Masakan Indonésia kanthi prabawa India, dipunduga wonten ing megana utawi cacahan sayur nangka, ingkang taksih saged kapanggih ing laladan Pekalongan, Wonosobo, lan Temanggung[4]. Masakan punika wonten ing wewengkon-wewengkon ingkang minangka tilas laladan kraton Hindhu awal ing Jawa, inggih punika Kalingga.

Papan ngibadah masarakat India-Indonésia

[besut | besut sumber]

Ing ngandhap punika minangka papan-papan ngibadah masarakat India-Indonésia mliginipun ingkang agama Hindhu lan Sikh.

  1. Satnam Sakhi Hall (Swami Teoram Satsang), JI. H. Samanhudi No. 6, Lt. 4, Jakarta Pusat. Kontak: Mr. Arjan D. Nanwani (3143618, 3147542, 3147543) atau Mr. Lachu Topandasani (3140207, 4241745)
  2. Sadhu Vaswani Centre, Jl. Kemayoran Ketapang No. 144 A Jakarta Pusat, Tel. 4209729
  3. Gurdwara Sikh Temple, Jl. Pasar Baru Timur No. 10, Jakarta Pusat, Tel. 3843338
  4. Gurdwara Sikh Temple, Jl. Melur 4 No. 8 Tanjung Priok, Jakarta Utara, Tel. 4304045
  5. Yayasan Sri Sathya Sai Baba Indonésia, Jl. Pasar Baru Selatan No. 26, Jakarta Pusat, Tel. 3842313, Fax: 3842312
  6. Anandpur Darbar, Jl. Pintu Air No. 45, Jakarta Pusat, Tel. 3457148
  7. Shiv Mandhir, Jl. Pluit Barat Raya No. 46, Jakarta 14450, Tel. dan Fax: 6616617
  8. Iskon Temple, Jl. Haji Suparman No. 10 Désa Citako, Cisarua Jalan Raya Pucuk Km 81, Tel. 0251-253213
  9. Gurdwara Sosial Guru Nanak, Jl. Merpati Raya 103, Kampung Sawah, Ciputat, (dekat Bintaro Jaya IX, 2.5 km di belakang Bintaro International Hospital), Tel. 74634688
  10. Swami Teoram Satsang, JI. Johar No. 11 Menteng, Jakarta Pusat, Tel. 3002987, 3909362
  11. Jiwan Sudhar Satsang, Gg. Kelinci I No. 15, Jakarta Pusat, Tel. dan fax: 3851451, 3521032
  12. Yayasan Radhasoami Satsang Beas Indonésia, Jl. Alternatif Cibubur, Cileungsi, Désa Jatikarya, Pondok Gede 17435, Jawa Barat, Tel. 8451612, fax 8451617.
  13. Yayasan Radhasoami Satsang Beas Indonésia, Jl. Amir Hamzah No. 3, Surabaya
  14. Dewi Mandhir, Jl. Angkasa Dalam I No. 29, Jakarta Pusat, Tel. 4243379
  15. Shanti Mandir, Jl. Batu Tulis X/14, Jakarta Pusat, Tel. 3849980
  16. Graha Sindhu (Sindhu House), Jl. Samanhudi No. 31, Jakarta Pusat, Tel. 34832751 (hunt), Fax 3850116
  17. Yayasan Kagunan Kehidupan (Art of Living), Jl. Tlaga Indah Raya Blok A-1 Kav. No. 2 Sunter Jaya, Jakarta Utara, Tel. 6513123, Fax 6513124
  18. Sri Gur Mandir, Jl. Tunjungan No. 28A, Surabaya, Tel. (031) 5314929
  19. Sherawali Mandhir, Gang Sentul No. 14 Pasar Baru, Jakarta, Tel. (021) 3810064, 3812324
  20. Mangala Vinayak Temple, Jl. Cikini 4 No. 16-Menteng-Jakarta Pusat, Tel. 327563, 3144059

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. Asosiasi Indonésia Tamil Tamram Archived 2009-06-23 at the Wayback Machine., dalam situs komunitas India-Indonésia. Diakses 26 Mèi 2010.
  2. Mantan Manusia Tercepat Asia yang Terlunta-lunta, Liputan6.com, 18 Agustus 2003. Diakses 26 Mèi 2010.
  3. Khoja - A Socio-Historical Perspective, The Heritage Web Site, milis diskusi komunitas Ismailiyah, 28 Januari 1996. Dipunundhuh 5 Januari 2013.
  4. a b Jejak Pangan India di Nusantara[pranala mati permanèn] Kompas, 1 Oktober 2010. Dipunundhuh 5 Januari 2013.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]