Paus Yohanes Paulus II

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Yohanes Paulus II
JohannesPaul2-portrait.jpg
Asma wiyosan Karol Wojtyla
Wiwit mengku 16 Oktober 1978
Dumugi 2 April 2005
Dipunrumiyini Yohanes Paulus I
Dipunlajengaken Benediktus XVI
Miyos 18 Mei 1920
Wadowice, Polandia
Séda 2 April 2005
Istana Apostolik, Vatikan
Paus kanthi nami Yohanes Paulus sanesipun
Cathetan suku
{{{footnotes}}}

Paus Yohanes Paulus II (asma aslinipun Karol Józef Wojtyła, miyos ing Wadowice, Polandia tanggal 18 Mei 1920 lan séda tanggal 2 April 2005), punika Paus, Uskup Roma, lan kepala Gréja Katulik Roma wiwit 16 Oktober 1978 dumugi sédanipun. Panjenenganipun ugi pamimpin Negari Kitha Vatikan, nagari berdaulat kanthi wiyar paling alit ing donya.

Paus Yohanes Paulus II dipunangkat ing yuswa 58 taun ing taun 1978. Panjenenganipun punika Paus non-Italia sepindhah wiwit Paus Adrianus VI, ingkang njawat antawis taun 1522-1523. Panjenenganipun merangi komunisme, kapitalisme ingkang mboten kakendhalèni lan panindhesan pulitik. Panjenenganipun kanthi tegas nglawan aborsi lan mbéla pandhekatan Gréja Katulik Roma ingkang langkung tradhisional marang seksualitas manungsa.

Panjenenganipun sampun nglampahi lawatan manca nageri langkung saking kaping 100 lan narik kawigatosan masarakat ingkang ageng. Sasanèsipun punika, wekdal tugasipun minangka Paus punika ingkang nomer tiga paling lami ing sajarah, sasampunipun Paus Pius IX lan Santo Petrus. Ing taun 1989, panjenenganipun dhateng ing Indonésia. Kitha-kitha ingkang dipuntedhaki inggih punika Jakarta, Medan (Sumatra Lèr), Yogyakarta (Jawa Tengah lan DIY) lan Dili (Timor Wétan). Komentaripun sasampunipun dhateng ing Indonésia inggih punika: "Mboten wonten nagari ingkang toléran kados Indonésia ing donya." [sic]

Bab lan Paragraf

Paneras [sunting]

Tanggal 19 April 2005 Kardinal Joseph Ratzinger saking Jèrman kapilih minangka pamimpin énggal Vatikan sasampunipun konklaf ingkang laminipun kalih dinten. Ratzinger milih asma regnal Paus Benediktus XVI.

Waosan salajengipun [sunting]

Artikel kakait [sunting]

Pranala njawi [sunting]

Ensiklik Paus Yohanes Paulus II [sunting]


Dipunrumiyini
déning:
Yohanes Paulus I
Paus
(daftar)
Dipunlajengaken
déning:
Benediktus XVI