Paus Benediktus IV

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Benediktus IV
Asma wiyosan mboten dipunmangertos
Wiwit njabat 900
Dugi 903
Dipundhisiki Yohanes IX
Dipunterusaken Leo V
Miyos tanggal mboten dipunmangertos
Roma, Italia
Séda 903
papan mboten dipunmangertos
Paus bernama Benediktus sanesipun
Catatan kaki
{{{footnotes}}}

Paus Benediktus IV (???-903) punika, ngasta jabatan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (900-903).

Benediktus IV punika putra saking Mammalus, pendunung asli Roma. Sejarawan abad kaping 10, Frodoard, ingkang maringi julukan Benediktus ingkang Agung, ngalembana wiyosanipun ingkang mulya lan kamirahanipun tumrap masyarakat umum.

Benediktus IV ngiyataken pentahbisan ingkang dipunlampahi déning Paus Formosus, ingkang jenazahipun dipunkedhuk malih déning Paus Stefanus VI lan ngadili piyambakipun ing Konsli Cadaver taun 897. Ing taun 901, sasampunipun Kaisar-Kaisar Carolingian sampun mboten wonten, Benediktus tumut dhumateng conto Paus Leo III lan paring makutha dhumateng Louis saking Provence dados Kaisar Romawi Suci. Ing mangsa kepausanipun, piyambakipun ugi ngekskomunikasi Baldwin II saking Flanders amargi nyédani Fulk, Uskup Agung Rheims.

[sunting] Réferénsi

[sunting] Pranala njawi


Dipunrumiyini déning:
Yohanes IX
Paus
(daftar)
Dipunlajengaken déning:
Leo V


Artikel prakawis Paus punika, taksih dèrèng pepak. Panjenengan mangga nambah. Menawi sampun pepak, saged mbusak katrangan punika.
Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Paus_Benediktus_IV"