Paus Innosensius III
| Innosensius III | |
|---|---|
Skètsa Paus Innosensius III déning seniman abad ka-17 |
|
| Milai mengku jabatan | 8 Januari 1198 |
| Ngantos | 16 Juli 1216 |
| Anggantosaken | Celestinus III |
| Dipun gantos déning | Honorius III |
| Data pribadi | |
| Asma lair | Lotario de' Conti di Segni |
| Lair | 1160 utawi 1161 Gavignano, Negara Kapausan, Kakaisaran Romawi Suci |
| Séda | 16 Juli 1216 (yuswa 54–55) Perugia, Negara Kapausan, Kakaisaran Romawi Suci |
| Paus sanès kanthi asma Innosensius | |
Paus Innosensius III punika, ngasta jabatan Paus Gréja Katulik Roma antawis taun (1198-1216).
Biografi [sunting]
Innosensius III, kanthi nami wiyosan Lotario de' Conti di Segni (Gavignano, Italia, ±1161 – Perugia, Italia, 16 Juni 1216), punika Paus Gréja Katulik Roma wiwit tanggal 8 Januari 1198 dumugi 16 Juni 1216.
Panjenenganipun punika tipikal tiyang ingkang awrat kanggé kompromi sarta gadhah pepénginan ingkang ageng salebetipun nyiptakaken kadhisiplinan ing Gréja. Paus Innosentius boten ajrih kanggé meksa Raja John saking Inggris kanggé taat tumut pepénginanipun lan nglampahaken Interdict, pamogokan para rohaniwan ingkang dipunlarang nylenggarakaken sedaya upacara lan namung sapérangan upacara tinentu kémawon para rohaniwan kasebat dipunidinaken ngleksanakaken, ing saindhenging Inggris. Dumados éwah-éwahan ingkang ageng sanget ing salebetipun administrasi Gréja sarta kalibat ugi dhumateng manéka urusan pulitik. Piyambakipun dipunjuluki “wakil Petrus”, nanging Innosensius nuntut hakipun kanggé dipuntélakaken minangka ”wakil Kristus”.
Pranala njawi [sunting]
| Dipunrumiyini déning: Celestinus III |
Paus (daftar) |
Dipunlajengaken déning: Honorius III |