Jangan lodhèh
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jangan lodhèh |
|
| Informasi | |
|---|---|
| Asal | Indonésia |
| Dhaérah | Jawa |
| Penyajian lan bahan | |
| Bahan | janganan |
Jangan lodhèh yaiku jangan kang digawé saka janganan lan diwènèhi santen. Jangan lodhèh digawé saka bahan kacang lanjaran (basa Indonésia: kacang panjang), rebung, gori, waluh nom, lan godhong so. Jangan lodhèh luwih énak yèn didhahar bebarengan karo lawuh témpé goreng lan krupuk urang.
Carané nggawé jangan lodhèh [sunting]
- brambang, bawang, uyah, kulit jeruk purut, kemiri, ketumbar, lan kencur diuleg nganti alus.
- bumbu mau banjur diosèng.
- wènèhi banyu kira-kira setengah liter, janganan gori, dientèni saumuban.
- banjur wènèhi santen, jangan mau, godhong salam, lan gula Jawa. Entèni saumuban.
- jangan lodhèh wis siyap didhahar.