Menyang kontèn

Pramoedya Ananta Toer

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pramudya Ananta Toer)
Pramoedya Ananta Toer
PakaryaNovelis
Bebungah utama
  • Freedom to Write Award,1988
    * Wertheim Award, 1995
    * Ramon Magsaysay Award, 1995
    * UNESCO Madanjeet Singh Prize, 1996
    * Doctor of Humane Letters, 1999
    * Chancellor's distinguished Honor Award, 1999
    * Chevalier de l'Ordre des Arts et des Letters, 1999
    * New York Foundation for the Arts Award, 2000
    * Fukuoka Cultural Grand Prize , 2000
    * The Nurwègenn Authors Union, 2004
    * Centenario Pablo Neruda, 2004

Pramoedya Ananta Toer (Blora, Jawa Tengah 6 Fèbruari 1925Jakarta 30 April 2006) dianggep salah sijiné pengarang kang produktif ana sajeroning sajarah sastra Indonésia. Pramoedya wis ngasilaké punjul 50 karya lan wis diterjemahaké menyang punjul 41 basa.

Jaman Cilikané

[besut | besut sumber]

Pramoedya, utawa asring dicekak dadi "Pram", lair ing Blora, kang dumunung ana ing jantungé Pulo Jawa, ing taun 1925 minangka anak pembarep. Bapaké dadi guru, déné ibuné dodolan sega. Jeneng asli Pramoedya ya iku Pramoedya Ananta Mastoer, kaya kang katulis sajeroning kolèksi carita cekak semi-otobiografiné kang judhulé Cerita Dari Blora. Amarga jeneng kulawarga Mastoer (jenengé bapaké) dirasa rada aristokratik, mulané dhèwèké ngilangaké jejeran Jawa "Mas" saka jeneng iku mau lan nggunakaké "Toer" minangka jeneng keluargané. Pramoedya lumebu Sekolah Kejuruan Radio ing Surabaya, lan sabanjuré nyambut gawé dadi juru tik layang kabar Jepang ing Jakarta nalika jaman pendhudhukan Jepang ing Indonésia.

Paska Kamardikan Indonésia

[besut | besut sumber]
Pramoedya wektu isih anom

Sajeroning jaman perang kamardikan Indonésia, dhèwèké mèlu lumebu golongan militèr ing Jawa lan kerep dipapanké ing Jakarta. Pram sregep nulis carita cekak sarta buku sajeroning karir militèré lan nalika dikunjara Walanda ing Jakarta taun 1948 lan 1949. Ana ing taun 1950-an Pram manggon ing Nagara Walanda minangka péranganing "program pertukaran budaya", lan nalika mulih menyang Indonésia Pram dadi anggota Lekra, salah sijining organisasi sayap kiwa ing Indonésia. Gaya penulisané owah ing sajeroning wektu iku, kaya déné kang dikatonaké ana ing karyané Korupsi, fiksi kritik tumrap pamong praja kang keblasuk ing ajang korupsi. Bab iki minangka friksi antarané Pram lan papréntahan Soekarno.

Sajeroning kurun wektu iku mau, Pram wiwit nyinaoni panyiksan tumrap Tionghoa Indonésia, lan sak banjuré wiwit kekanthènan karo para juru nulis ing Tiongkok. Sacara mirunggan, Pram nerbitaké rangkéan kirim-kiriman layang karo juru nulis Tionghoa bab sajarah Tionghoa ing Indonésia, kanthi sesirah Hoakiau di Indonésia. Pram mono sawijining kritikus kang ora nggatèkaké papréntahan kang Jawa-sèntris tumrap kaperluan lan aspirasi saka laladan liya ing Indonésia, lan ngusulaké supaya papréntahan kudu dipindahaké menyang njaban Pulo Jawa. Ana ing taun 1960-an Pram ditahan déning papréntahan Soeharto amarga pandhangan pro-Kuminis Tiongkok-é. Bukuné dipenging lan dhèwèké ditahan tanpa prosès pangadilan ing Pulo Nusakambangan ing lepas pasisir Pulo Jawa, lan pungkasané dibuang ing Pulo Buru ing kawasan wétan Indonésia.

Penahanan lan mangsa sawisé

[besut | besut sumber]

Saliyané tau ditahan suwéné 3 taun ana ing mangsa kolonial lan 1 taun ing mangsa Orde Lama, ing ing sajeroning mangsa Orde Baru Pramoedya ngrasakké 14 taun ditahan minangka tahanan pulitik tanpa prosès pangadilan.

Pramoedya bebarengan kanca-kanca wektu ngayahi makarya paksa ing pulo Buru

Sanadyan Pram dipenggak nulis ing ing sajeroning mangsa penahananné ing Pulo Buru, nanging tetep isih bisa ngatur kanggo nulis sèrial karya kawentar kang sesirah-é Bumi Manusia, sèrial 4 kronik novèl semi-fiksi sajarah Indonésia. Tokoh mligi Minke, bangsawan cilik Jawa, nggambaraké pengalaman RM Tirto Adisuryo, sawijining tokoh pergerakan ing jaman kolonial kang ngadegaké organisasi Sarékat Priyayi lan diakoni déning Pramoedya minangka organisasi nasional kang kawitan. Jilid sepisanan diréka kanthi lésan marang para kanca sekunjaran, lan sisané diselundupaké menyang manca nagara kanggo dikolèksi déning pengarang Australia lan sabanjuré diterbitaké ing basa Inggris lan basa Indonésia.

Pramoedya dibébasaké saka tahanan tanggal 21 Dhésèmber 1979 lan éntuk layang pambébasan kanthi ukum ora salah lan ora kagilut utawa "terlibat" G30S/PKI, nanging isih dipatrapi tahanan omah ing Jakarta nganti taun 1992, sarta tahanan kutha lan tahanan nagara nganti taun 1999, lan uga wajib lapur saben minggu ing Kodim Jakarta Wétan kurang luwih 2 taun lawasé.

Sajeroning mangsa iku Pram nulis Gadis Pasisir, novèl semi-fiksi liyané dhedhasar pengalaman embahé dhéwé. Pram uga nulis Nyanyi Sunyi Seorang Bisu (1995), otobiografi dhedhasar tulisan kang ditulis kanggo putriné nanging ora olèh dikirimké, lan Arus Balik (1995).

Kontroversi

[besut | besut sumber]

Nalika Pramoedya dianugerahi Bebungah Ramon Magsaysay, 1995, diwartakaké yèn udakara 26 tokoh sastra Indonésia nulis surat 'protès' menyang yeyasan Ramon Magsaysay, nélaaké yèn ora setuju Pramoedya kang dituding minangka "juru wicara sisan algojo Lekra kang paling galak, ngantem, nggasak, mbantai lan ngganyang" nalika dhémokrasi terpimpin, ora patut diwènèhi bebungah lan nuntut supaya pakurmatan kang dianugerahaké marang Pramoedya dicabut.

Nanging sawatara dina manèh, Taufik Ismail minangka pemrakarsa, ngralat pemberitaan iku. Jaréné, dudu nuntut 'pencabutan', nanging ngélingaké 'sapa Pramoedya iku'. Ujaré, akèh wong kang ora ngerti 'réputasi peteng' Pram mbiyèn. Lan penganugerahan pakurmatan Magsaysay dianggep sawijining kacerobohan. Nanging pihak liyané, Mochtar Lubis malah ngancam arep mbalèkaké bebungah Magsaysay kang dianugerahké marang awaké ing taun 1958, yèn Pram pancèn tetep arep dianugerahi bebungah kang padha.

Lubis uga kandha, yèn HB Jassin uga arep mbalèkaké bebungah Magsaysay kang tau ditampa. Nanging tibaké sajeroning pemberitaan sabanjuré, HB Jassin malah nyatakaké bab kang béda banget karo pratélané Mochtar Lubis.

Sajeroning opini-opininé ing médhia, para penapak asma petisi 26 iki ngrasa minangka kurban kaanan pra-1965, lan nuntut pertanggungan jawaban Pram, supaya ngaku lan njaluk ngapura tumrap peran ora kapuji ing 'jaman paling peteng tumrapé kreativitas' nalika iku. Pram, ujaré Mochtar Lubis, mimpin penindhesan sakpadha seniman kang ora sepaham.

Sawetara iku Pramoedya dhéwé nganggep yèn tulisan lan pidhatoné nalika pra-1965 iku ora luwih mung 'golongan polemik biyasa' kang olèh dièloni sapa waé. Pram ora ngakoni yèn mèlu aksi-aksi kang 'kliwat adoh'. Dhèwèké uga ngrasa difitnah, nalika didakwa mèlu ngobong buku barang. Malah dhèwèké nyaranaké supaya perkarané digawa ning pangadilan waé yèn pancèn materiné cukup. Yèn ora cukup, ya digawa waé ning forum kabuka, nanging dhèwèké kudu diwènèhi kesempatan kanggo njawab lan mbéla diri.

Wiwit Orde Baru kuwasa, Pramoedya ora naté éntuk kabebasan nyuwarakaké suarané dhéwé, lan wis bola-bali dhèwèké diserang lan dikroyok kanthi kabuka ing koran.

Nanging ing paparan pelukis Joko Pekik, kang uga tau dadi tahanan ing Pulo Buru, dhèwèké nyebut Pramoedya minangka 'juru-tulis'. Pagawéan juru-tulis kang dimaksud déning Joko Pekik ya iku Pramoedya olèh pagawéan saka punggawa Pulo Buru dadi tukang ketiké. Malahan miturut Joko Pekik, nasib Pramoedya luwih apik tinimbang lumrahé tahanan kang ana. Statusé minangka tokoh seniman kang déning médhia disebar-luasaké kanthi internasional, ndadèkaké Pram urip kanthi fasilitas kang lumayan-apa manèh yèn ana tamu saka 'njaba' kang rawuh, mesti Pramoedya kang dadi 'bintangé'.

Masa kasepuhan

[besut | besut sumber]

Pramoedya wis nulis akèh kolom lan artikel cekak kang ngritik papréntahan Indonésia. Pram nulis buku Perawan Remaja dalam Cengkraman Militer, dhokumentasi kang ditulis nganggo gaya nyedihaké para wanita Jawa kang dipeksa dadi 'wanita penghibur' nalika jaman pendhudhukan Jepang. Kabèh digawa menyang Pulo Buru lan ngalami sikara sèksual, milih tetep manggon ing kana tinimbang mulih menyang Jawa. Pramoedya nggawé perkenalané nalika dhèwèké dhéwé dadi tahanan pulitik ing Pulo Buru 1970-an.

Akèh tulisané kang nyentuh tema interaksi antar budaya; antara Walanda, krajan Jawa, wong Jawa lumrahé, lan Tionghoa. Akèh tulisané wujud semi-otobiografi, ya iku nggambaraké pengalamané dhéwé. Pram terus aktif dadi juru nulis lan kolumnis. Dhèwèké ngéntukaké Ramon Magsaysay Award kanggo Jurnalisme, Sastra, lan Kagunan Komunikasi Kreatif 1995. Dhèwèké uga wis dipertimbangaké kanggo Bebungah Nobel Sastra. Kajaba iku dhèwèké uga menangaké Bebungah Budaya Asia Fukuoka XI 2000 lan ing taun 2004 Nurwègenn Authors' Union Award tumrap sumbangané marang jagat sastra. Pram ngrampungaké lelungan menyang Amérika Utara ing taun 1999 lan éntuk pangaji-aji saka Universitas Michigan.

Nganti akir hayaté Pram aktif nulis, sanajan kondhisi kasihatané kang wis mudhun amarga umur kang wis sepuh lan kesenengané ngrokok. Tanggal 12 Januari 2006, Pram dikabarké wis rong minggu lara ning omahé ing Bojong Gede, Bogor, lan terus dirawat ing rumah sakit. Miturut lapuran, Pramoedya nyandhang lelara diabetes, sesak napas lan jantung lemah.

Tanggal 6 Fèbruari 2006 ing Teater Kecil Taman Ismail Marzuki, dianakaké pameran mirunggan sampul buku karya Pramoedya. Pameran iki sisan bebungah ulang taun ke-81 kanggoné Pramoedya. Paméran kang jejuluk Pram, Buku lan Angkatan Muda mamèraké sampul-sampul buku kang naté diterbitaké ing manca nagara. Ana kurang luwih 200 buku kang naté diterjemahaké menyang rupa-rupa basa ing donya.

Tanggal 27 April 2006, Pram semaput. Pihak kulawarga pungkasané mutusaké kudu digawa menyang RS Sint Carolus dina iku uga. Pram didiagnosis nandang radhang paru-paru, lelara kang selawasé ora tau dialami, ditambah komplikasi ginjel, jantung, lan diabetes. Pram mung tahan telung dina ing rumah sakit. Sawisé sadhar, dhèwèké njaluk mulih manèh. Sanadyan panyuwun mau ora disarujuki, Pram ngotot péngin mulih. Sabtu 29 April, watara jam 19.00, bareng tekan omah, kondisiné dadi luwih apik. Najan isih kritis, nanging Pram wis bisa miringaké awaké lan ngobah-obahaké tangané.

Sawisé iku, Pram ngalami mangsa kritis manèh. Pihak kulawarga mutusaké nggelar tahlilan kanggo ndongakaké Pram. Pasang surut kondisi Pram iku terus lumaku nganti jam 02.00. Wektu iku, dhèwèké nyatakaké supaya Pangéran ndang mapag. "Dorong saja saya," ujaré. Nanging, kanca-kancané lan kerabat kang njaga Pram ora kendhat-kendhat mènèhi semangat semangat urip.

Kabar kapundhuté Pram sempat kersiar wiwit jam 03.00. Tangga teparo wis krungu kabar duka mau. Nanging,jam 05.00, krungu kabar manèh yèn Pram isih urip. Wusanané, nalika ajalé teka, Pram sempat bisik-bisik, "Akhiri saja saya. Bakar saya sekarang".

Tanggal 30 April 2006 jam 08.55 Pramoedya tilar donya ing yuswa 81 taun.

Atusan pelayat ngebaki omah lan pekarangan Pram ing Jalan Multikarya II No 26, Utan Kayu, Jakarta Timur. Pelayat kang rawuh antarané Sitor Situmorang, Erry Riyana Hardjapamekas, Nurul Arifin lan bojo, Usman Hamid, Putu Wijaya, Goenawan Mohamad, Gus Solah, Ratna Sarumpaet, Budiman Sujatmiko, sarta puluhan aktivis, sastrawan, dan cendekiawan. Hadir uga Mantri Kabudayan lan Pariwisata Jero Wacik. Katon sawatara karangan kembang tandha béla sungkawa, antarané saka KontraS, Wapres Jusuf Kalla, artis Happy Salma, pengurus DPD PDI Perjuangan, Dewan Kesenian Jakarta, lan liya liyané. Kanca-kancané Pram kang naté ditahan ing Pulo Buru uga katon nglayat. Semono uga para mudha fans-é Pram.

Jenazah di adusi jam 12.30 WIB, nuli disalataké. Sawisé iku, digawa nganggo ambulans menyang TPU Karet Bivak. Lagu Internationale lan Darah Juang ditembangaké déning para pelayat.

Pangaji-aji

[besut | besut sumber]
  • Freedom to Write Award saka PEN American Center, AS, 1988
  • Pangaji-aji saka The Fund for Free Expression, New York, AS, 1989
  • Wertheim Award, "for his meritorious services to the struggle for emancipation of Indonésian people", saka The Wertheim Fondation, Leiden, Walanda, 1995
  • Ramon Magsaysay Award, "for Journalism, Literature, and Creative Arts, in recognation of his illuminating with briliant stories the historical awakening, and modhèren experience of Indonésian people", saka Ramon Magsaysay Award Foundation, Manila, Filipina, 1995
  • UNESCO Madanjeet Singh Prize, "in recognition of his outstanding contribution to the promotion of tolerance and non-violence" saka UNESCO, Prancis, 1996
  • Doctor of Humane Letters, "in recognition of his remarkable imagination and distinguished literary contributions, his example to all who oppose tyranny, and his highly principled struggle for intellectual freedom" saka Universitas Michigan, Madison, AS, 1999
  • Chancellor's distinguished Honor Award, "for his outstanding literary archievements and for his contributions to ethnic tolerance and global understanding", saka Universitas California, Berkeley, AS, 1999
  • Chevalier de l'Ordre des Arts et des Lettres, saka Le Ministre de la Culture et de la Communication République, Paris, Prancis, 1999
  • New York Foundation for the Arts Award, New York, AS, 2000
  • Fukuoka Cultural Grand Prize (Bebungah Budaya Asia Fukuoka), Jepang, 2000
  • The Nurwègenn Authors Union, 2004
  • Centenario Pablo Neruda, Chili, 2004

Liya liyané

[besut | besut sumber]
  • Anggota Nederland Center, nalika isih ing Pulo Buru, 1978
  • Anggota kinurmatan salawasé urip saka International PEN Australia Center, 1982
  • Anggota kinurmatan PEN Center, Swèdhen, 1982
  • Anggota kinurmatan PEN American Center, AS, 1987
  • Deutschsweizeriches PEN member, Zentrum, Switserlan, 1988
  • International PEN English Center Award, Inggris, 1992
  • International PEN Award Association of Writers Zentrum Deutschland, Jerman, 1999

Bibliografi

[besut | besut sumber]

Kejaba sesirah pisanan, kabèh sesirah wis dilarasaké karo Ejaan Yang Disempurnakan.

  • Sepoeloeh Kepala Nica (1946), ilang ing tangan panerbit Balingka, Pasar Baru, Jakarta, 1947
  • Kranji–Bekasi Jatuh (1947), fragmen saka Di Tepi Kali Bekasi
  • Perburuan (buku) (1950), pamenang sayembara Balai Pustaka, Jakarta, 1949
  • Kulawarga Gerilya (1950)
  • Subuh (kumpulan carkak) (1951), kumpulan 3 carkak
  • Percikan Revolusi (1951), kumpulan carkak
  • Mereka yang Dilumpuhkan (I & II) (1951)
  • Bukan Pasarmalam (1951)
  • Di Tepi Kali Bekasi (1951), saka sisa naskah kang dirampas Marinir Walanda tanggal 22 Juli 1947
  • Dia yang Menyerah (1951), banjur dicithak ulang kanthi wangun kumpulan carkak
  • Cerita dari Blora (1952), pamenang karya sastra paling apik saka Badan Musyawarah Kebudayaan Nasional, Jakarta, 1953
  • Gulat di Jakarta (1953)
  • Midah Si Manis Bergigi Emas (1954)
  • Korupsi (novèl) (1954)
  • Mari Mengarang (1954), ora cetha nasibé ing tangan panerbit
  • Cerita dari Jakarta (1957)
  • Cerita Calon Arang (1957)
  • Sekali Peristiwa di Banten Selatan (1958)
  • Panggil Aku Kartini Saja (I & II, 1963; III & IV diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Kumpulan Karya Kartini, kang tau diumumaké ing manéka medhia; diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Wanita Sebelum Kartini; diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Gadis Pasisir (1962-65) kanthi wangun carita sambung sinambung, pérangan pisanan triologi ngenani kulawarga Pramoedya; terbit minangka buku, 1987; dilarang Jaksa Agung. Jilid II & III diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Sajarah Basa Indonésia. Satu Percobaan (1964); diobong déning Angkatan Darat tanggal 13 Oktober 1965
  • Realisme Sosialis dan Sastra Indonésia (1963)
  • Lentera (novèl) (1965), ora cetha nasibé ing tangan panerbit
  • Bumi Manusia (1980); dilarang Jaksa Agung, 1981
  • Anak Semua Bangsa (1981); dilarang Jaksa Agung, 1981
  • Sikap dan Peran Intelektual di Dunia Ketiga (1981)
  • Tempo Doeloe (1982), antologi sastra pra-Indonésia
  • Jejak Langkah (1985); dilarang Jaksa Agung, 1985
  • Sang Pemula (1985); dilarang Jaksa Agung, 1985
  • Hikayat Siti Mariah, (ed.) Hadji Moekti, (1987); dilarang Jaksa Agung, 1987
  • Rumah Kaca (1988); dilarang Jaksa Agung, 1988
  • Memoar Oei Tjoe Tat, (ed.) Oei Tjoe Tat, (1995); dilarang Jaksa Agung, 1995
  • Nyanyi Sunyi Seorang Bisu I (1995); dilarang Jaksa Agung, 1995
  • Arus Balik (1995)
  • Nyanyi Sunyi Seorang Bisu II (1997)
  • Arok Dedes (1999)
  • Mangir (2000)
  • Larasati (novèl) (2000)
  • Jalan Raya Pos, Jalan Daendels (2005)

Buku bab Pramoedya lan karyané

[besut | besut sumber]
  • Pramoedya Ananta Toer dan Karja Seninja, déning Bahrum Rangkuti (Penerbit Gunung Agung)
  • Citra Manusia Indonésia dalam Karya Pramoedya Ananta Toer, déning A. Teeuw (Pustaka Jaya)
  • Pramoedya Ananta Toer dan Sastra Realisme Sosialis, déning Eka Kurniawan (Gramedia Pustaka Utama)
  • Membaca Katrologi Bumi Manusia Pramoedya Ananta Toer, déning Apsanti Djokosujatno (Tera Indonésia)
  • Pramoedya Ananta Toer dan Manifestasi Karya Sastra, Daniel Mahendra, dkk (Penerbit Malka)
  • Pram dari Dalam, Soesilo Toer (Penerbit Gigih Pustaka Mandiri dan Kapustakan Pataba Blora), 2013.suara.com.hk[pranala mati permanèn]

Uga mirsani

[besut | besut sumber]

Réferènsi

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]


Tetralogi Buru Pramoedya Ananta Toer


Bumi Manusia | Anak Semua Bangsa | Jejak Langkah | Rumah Kaca
Karya liyané