Goenawan Mohamad

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Goenawan Soesatyo Mohamad (Karangasem Batang, Jawa Tengah, 29 Juli 1941) punika pujangga Indonésia ingkang pinunjul. Piyambakipun ugi satunggiling pendiri Majalah Tempo.

Goenawan Mohamad punika intelektual ingkang gadhah wawasan wiyar, wiwit saking juru main bal-balan, pulitik, ékonomi, seni lan budaya, donya perfilman, musik, lan sanès-sanèsipun. Wawasanipun liberal sanget lan tinarbuka. Sepertos ujaripun Romo Magniz-Suseno, salah satunggiling koleganipun, lawan utami Goenawan Mohamad inggih punika pamikir monodimensional.

Jaman Nèm-nèman[besut | besut sumber]

Pendiri lan mantan Pemimpin Redaksi kalawarti Berita Tempo punika, wekdal taksih anèm langkung misuwur minangka satunggaling penyair. Piyambakipun ndhèrèk tapak asma wonten ing Manifesto Kebudayaan 1964 ingkang andamel piyambakipun boten kénging nyerat wonten sawatawis médhia umum. Goenawan wiwit nyerat nalika taksih yuswa 17 taun, lan kalih taun saljengipun nerjemahaken puisi penyair wanita Amérika, Emily Dickinson. Wiwit kelas 6 SD, piyambakipun ngaku remen acara puisi giyaran RRI. Kangmasipun ingkang dados dhokter, wekdal samanten langganan kalawarti Kisah, asuhan H.B Jassin. Goenawan ingkang limrahipun dipunsapa Goen, sinau psikologi wonten ing Universitas Indonésia, nyinaoni ngèlmu pulitik ing Bèlgi, lan dados Nieman Fellow ing Harvard University, Amérikah Sarékat. Goenawan daub kaliyan Widarti Djajadisastra lan gadhah kalih momongan.

Donya Jurnalistik[besut | besut sumber]

Wonten ing taun 1971, Goenawan sesarengan kaliyan réncangipyn ngadegaken kalawarti Minggon Tempo, satunggaling kalawarti ingkang ngusung karakter jurnalisme kalawarti Time. Ing ngrika piyambakipun kathah nyerat kolom bab ingkang magepokan kaliyan agenda-agenda pulitik ing Indonésia. Jiwa kritisipun andadosaken krenteg kanggé ngritik rezim Soeharto ingkang wekdal punika ngekang tuwuhipun dhémokrasi ing Indonésia. Tempo lajeng dipunanggep minangka oposisi ingkang ngrugèkaken kepentingan pamaréntah sahéngga dipunendhegaken penerbitanipun ing taun 1994. Goenawan Mohammad lajeng ngadegaken Aliansi Jurnalis Independen (AJI), asosiasi jurnalis independen ingkang wiwitan ing Indonésia. Piyambakipun ugi ndèrèk ngadegaken Institusi Studi Arus Informasi (ISAI) ingkang tugasipun ndokumentasèkaken kakerasan tumrapipun donya pers Indonésia. Nalika kalawarti Tempo saged terbit malih, sasampunipun Soeharto dipunlèngsèraken ing taun 1998, kathah perobihan dipunlaksanaaken sepertos perbahian cacahipun kaca, nanging tetep mempertahanaken mutunipun. Boten dangu, Tempo lajeng memperluas usahanipun kanthi nerbitaken ariwarta harian Koran Tempo. Saksampunipun terbit sawatawis taun, Koran Tempo kénging masalah, inggih punika ing pertengahan wulan Mèi 2004, Pengadilan Negeri Jakarta Timur ngukum Goenawan Mohammad lan Koran Tempo supados nyuwun ngapunten dhumateng Tommy Winata. Pernyataan Goenawan Mohammad ing tanggal 12-13 Maret 2003 dipunanggep sampun ngrugèkaken nama bos Artha Graha punika.

Karya Sastra[besut | besut sumber]

Salami kirang langkung 30 taun tekun wonten ing donya pers, Goenawan ngasilaken sawatawis karya ingkang sampun dipunterbitaken, ing antawisipun kumpulan puisi Parikesit (1969) lan Interlude (1971), ingkang dipunterjemahaken dhateng basa Walanda, Inggris, Jepang, lan Prancis. Sapérangan eseinipun kahimpun wonten ing Potret Seorang Penyair Muda Sebagai Si Malin Kundang (1972), Seks, Sastra, dan Kita (1980). Nanging langkung saking punika, tulisanipun ingkang paling misuwur lan populer inggih punika Catatan Pinggir, satunggiling artikel cekak ingkang dipunamot kanthi minggon ing kaca paling pungkasan Majalah Tempo. Konsep Catatan Pinggir inggih punika minangka komentar utawi kritik dhumateng batang tubuh ingkang utami. Artosipun, Catatan Pinggir mendhet posisi wonten ing sisih, boten posisi sentral. Wiwit medalipun ing pungkasan taun 1970-an, Catatan Pinggir sampun dados èksprèsi oposisi tumrap pamikir ingkang picik, fanatik, lan kolot.

Goenawan Mohamad ugi gadhah andil wonten ing ngadegipun Jaringan Islam Liberal.

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]