Putu Wijaya

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Putu Wijaya, (nama asli I Gusti Ngurah Putu Wijaya), punika satunggiling sastrawan sarwa saged. Putu Wijaya lair ing Puri Anom, Tabanan, Bali tanggal 11 April 1944. Piyambakipun minangka putra ragil saking gansal sadhèrèk tunggal bapa, lan saking tigang sadhèrèk tunggal ibu. Putu manggèn wonten ing kompleks griya ageng ingkang dipunpanggèni déning watawis 200 jalmi, inggih punika para sadhèrèk caket lan tebih, lan gadhah karemenan maos buku. Bapakipun. Bapakipun, I Gusti Ngurah Raka, satunggiling pensiunan punggawa ingkang keras mendidik putra-putranipun. SKawitipun, pun Bapa gadhah gegadhangan supados Putu dados dhokter. Nanging, Putu kirang mumpuni ing ngèlmu pasti. Piyambakipun langkung akrab kaliyan sajarah, basa, lan ngèlmu bumi.

Putu Wijaya sampun nyerat watawis 30 novèl, 40 naskah drama, kinten-kinten sèwu carkak, atusan esei, artikel lepas, lan kritik drama. Piyambakipun ugi sampun nyerat skenario filem lan sinétron. Minangka satunggiling dramawan, piyambakipun mimpin Teater Mandiri wiwit taun 1971, lan sampun mentasaken puluhan lakon saking Indonésia lan manca nagari. Puluhan penghargaan sampun dipunrengkuh saking karya sastra lan skenario sinetronipun.

Carios Cekak karangan Putu asring ngisi kolom wonten ing Harian Kompas lan Sinar Harapan. Novèl-novèl karyanipun ugi asring muncul ing majalah Kartini, Femina, lan Horison. Minangka penulis skenario, piyambakipun sampun kaping kalih nampi Piala Citra ing Festival Film Indonésia (FFI), kanggé Perawan Désa (1980), lan Kembang Kertas (1985). Minangka penulis fiksi sampun kathah buku ingkang dipunkasilaken. Ing antawisipun, ingkang kawentar inggih punika Bila Malam Bertambah Malam, Telegram, Pabrik, Keok, Tiba-Tiba Malam, Sobat, lan Nyali.

Pendidikan[besut | besut sumber]

Karya lan karir[besut | besut sumber]

Teater[besut | besut sumber]

  • Pimpinan Teater Mandiri, Jakarta (1971-sapriki)

Skenario filem[besut | besut sumber]

Antawisipun:

Skenario sinétron[besut | besut sumber]

Antawisipun:

Karya Drama[besut | besut sumber]

  • Dalam Cahaya Bulan (1966)
  • Lautan Bernyanyi (1967)
  • Bila Malam Bertambah Malam (1970)
  • Invalid (1974)
  • Tak Sampai Tiga Bulan (1974)
  • Anu (1974)
  • Aduh (1975)
  • Dag-Dig-Dug (1976)
  • Gerr (1986)
  • Edan
  • Hum-Pim-Pah
  • Dor
  • Blong
  • Ayo
  • Awas
  • Los
  • Aum
  • Zat
  • Tai
  • Front
  • Aib
  • Wah
  • Hah
  • Jpret
  • Aeng
  • Aut
  • Dar-Dir-Dor

Karya Novèl[besut | besut sumber]

Karya Cerpen[besut | besut sumber]

Karya ingkang wujud carkak dipunkempalaken wonten kempalan carkak:

  • Bom (1978)
  • Es (1980)
  • Gres (1982)
  • Klop
  • Bor
  • Protes (1994)
  • Darah (1995)
  • Yel (1995)
  • Blok (1994)
  • Zig Zag (1996)
  • Tidak (1999)

Karya Novelet:

  • MS (1977)
  • Tak Cukup Sedih (1977)
  • Ratu (1977)
  • Sah (1977)

Karya esai[besut | besut sumber]

Karya esainipun dipunkempalaken wonten ing esai: Beban, Kentut, Samar, Pembabatan, Klise, Tradisi Baru, Terror Mental, dan Bertolak dari yang Ada.

Penghargaan[besut | besut sumber]

  • Pemenang penulisan lakon Depsos (Yogyakarta)
  • Pemenang penulisan puisi Suluh Indonésia Bali
  • Pemenang penulisan novèl IKAPI
  • Pemenang penulisan drama BPTNI
  • Pemenang penulisan drama Safari
  • Pemenang penulisan carita filem Deppen (1977)
  • Tiga buah Piala Citra untuk penulisan skenario (1980, 1985, 1992)
  • Kaping tiga pemenang sayembara penulisan novèl DKJ
  • Kaping sekawan pemenang sayembara penulisan lakon DKJ
  • Pemenang penulisan esei DKJ
  • Kaping kalih pemenang penulisan novèl Femina
  • Kaping kalih pemenang penulisan carkak Femina
  • Pemenang penulisan carkak Kartini
  • Bebungah buku terbaik Depdikbud (Yel)
  • Pemenang sinétron komedi FSI (1995)
  • SEA Write Award 1980 di Bangkok
  • Pemenang penulisan esei Kompas
  • Anugerah Seni dari Mantri P&K, Dr Fuad Hasan (1991)
  • Penerima Profesional Fellowship saking The Japan Foundation Kyoto, Jepang (1991-1992)
  • Anugerah Seni sakin Gubernur Bali (1993)

Kagiatan sanèsipun[besut | besut sumber]

Ugi pirsani[besut | besut sumber]

Pranala njawi[besut | besut sumber]