Menyang kontèn

Gunung Kelud

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Gunung Kelud
Èlevasi1,731 metres (5,679 ft)

Gunung Kelud, ing aksara jawa ꦒꦸꦤꦸꦁꦏꦼꦭꦸꦠ꧀ (uga tinelah Kelut, tegesé "sapu"; jeroning basa Walanda mau Klut, Cloot, Kloet, utawa Kloete) ya iku gunung geni aktif sing kapernah ing Jawa Wétan, Indonésia.[1] Gunung iki dumunung ing wates antarané Kabupatèn Kadhiri lan Kabupatèn Balitar, kira-kira 27 km wétané Kutha Kadhiri.[1]

Wiwit abad ping 15, punjul wong 15.000-an tiwas amarga Gunung Kelud.[1] Jeblugané ing taun 1586 njalari patiné wong 10.000 luwih,[1] déné jeblugané ing taun 1919 njalari patiné wong 5.000-an ing 104 dhusun.[2] Siklus panjeblugé gunung iki banjur dikira-kira suwéné 15 taunan.[2]

Taun 2007, gunung iki aktif manèh. Aktivitas gunung iki mundhak kawit pungkasané Sèptember tumeka Novèmber 2007, ditandhani saka unggahé suhu banyu ing tlaga-kawahé, undhaké lindhu trémor, sarta malihé warna tlaga-kawah saka ijo dadi putih.[2] Status "awas" banjur dibiwarakaké Pusat Vulkanologi dan Mitigasi Bencana Geologi nalika tanggal 16 Oktober 2007 kapurih warga saenggon padha ngungsi.[2] Pungkasé, Gunung Kelud ora sida njeblug.[2]

Kadadéan-kadadéan mirunggan dumadi kaya ta munculé keluk putih sinartan mujudé kubah lava ing tengahé tlaga-kawah wiwit tanggal 5 Novèmber 2007. Kubah lava iku sangsaya gedhé nganti 100 m dawané.[2] Para ahli ngarani kubah lava iki sing njalari pampeté saluran magma saéngga gunung ora sida njeblug.[2] Ènergi panjeblugé gunung mau kanggo nyurung kubah lava tilasé jeblugan taun 1990.[2]

Sajarahé jeblugané

[besut | besut sumber]

Jeblugan 1901

[besut | besut sumber]

Ing tanggal 22-23 Mèi 1901, Gunung Kelud njeblug ing tengah wengi. Suwéné jeblugan 2 jam punjul nganti pukul 3 ésuk.[3] Nalika samana, awan panas lumubèr ing tlatah Kadhiri. Swarané jeblugan krungu nganti Pekalongan, banjur udané awu nganti tlatah Sukabumi lan Bogor. Kurban jiwané bencana iki ora kétung.

Jeblugan 1919

[besut | besut sumber]
Gunung Kelud 1919

Ing taun 1919, jeblugané Gunung Kelud kacathet ing sajeroning lapurané Carl Wilhelm Wormser (1876-1946), punggawa Landraad ing Tulungagung, Indhiya Nèderlan. Kapratélakaké, ing tanggal 20 Mèi langit dumadakan peteng. Ilangé srengéngé njalari kabèh sing urip dadi kewedèn lan gumeter. Awu lan watu nalika iku ngudani pakampungan ing sakiteré Gunung Kelud. Warga désa ing pèrèng padha nylametaké ratu-kaya lan ratu-branané. Lakuné wlahar mbesmi sakèhing yasan lan wit-witan sing ana ing pèrèng. Kawah sing nglubèraké wlahar lan awu uga sinartan gas racun. Temahané, alas, palemahan, lan pasawahan kurugan awu[butuh sitiran].

Jeblugan iki sing njalari patiné wong 5.160 punjul lan ngrusak palemahan ambané 15.000 ha amarga lakuné wlahar sing dohé nganti 38 km, masiya inh Kali Warak wis diyasa bendhungan wlahar ing taun 1905[4]. Saliyané iku, Hugo Cool ing taun 1907 tinanggenah ngeruk saluran saka kawah ing èrèng kuloné gunung. Pambudidayané kasil ngguwang awu 4,3 yuta mèter kubik.[5]

Amarga jeblugan iki, banjur diyasa sistem ilèn-ilèn awujud trowongan kanggo ngguwang banyu saka tlaga-kawah. Pambudidaya iki rampung ing taun 1926 kanthi cacah trowongan ana pitu.

Jeblugan 1951

[besut | besut sumber]

Ing tanggal 31 Agustus 1951, jeblugan Gunung Kelud ing dumadi pukul 06:15 ésuk sing njalari patiné wong pitu lan tatuné wong 157. Jeblugané dumadi ping papat lan njalari udan watu ing sapérangan tlatah Margamulya. Udan awu dumadi ing dalem sajam lan ngambah Kutha Bandung ing Jawa Kulon.

Jeblugan 1966

[besut | besut sumber]

Jeblugan dumadi ing tanggal 26 April 1966 pukul 20:15. Jeblugan iki sinartan lumubèré wlahar di saujuré kali ing pèrèngé. Wong 210 nemahi pati amarga jeblugan iki.

Saliyané iku, trowongan sing ana rusak. Mulané, banjur diyasa trowongan anyar. Pernahé 45 mèter ing sangisoré trowongan lawas. Trowongan iku rampung taun 1967 lan dijenengi Trowongan Ampera. Saluran-saluran iki kanggo njaga volume kawah supaya panggah ing 2,5 yuta mèter kubik[4].

Jeblugan 1990

[besut | besut sumber]

Jeblugan Gunung Kelud taun 1990 dumadi 45 dina terus-terusan, kawit tanggal 10 Fèbruari 1990 tumeka 13 Maret 1990. Ing dalem mangsa jeblugan iki, material vulkanik sing diwetokaké kèhé 57,3 yuta mèter kubik. Wlahar lumubèr saka tlaga-kawah dohé nganti 24 km lumantar 11 kali sing tuké ing Gunung Kelud.

Jeblugan iki ngurug trowongan Ampera sing prosès normalisasiné rampung ing taun 1994.

Jeblugan 2007

[besut | besut sumber]

Ing taun 2007, jeblugané Gunung Kelud ora ngatonaké yèn èksplosif kaya ta taun-taun sadurungé. Sing dumadi ya iku munculé kubah lava sing gedhé ing cangkemé kawah Kelud. Kubah iku kacathet wiwit tanggal 5 Novèmber 2007 sing banjur saya gedhé nganti ambané 100 mèter. Ing kadadéan iku, keluk putih kandel metu saka tengahé tlaga-kawah sing thukul kubah-lavané.

Jeblugan 2014

[besut | besut sumber]
Kaanan dalan Malioboro amarga udan awu saka jeblugan Gunung Kelud 2014

Mundhaké aktivitas Gunung Kelud kawiwitan ing pungkasané taun 2013.[6] Nalika tanggal 10 Fèbruari 2014, Gunung Kelud diunggahaké statusé dadi Siaga. Ing tanggal 13 Fèbruari 2014 pukul 21:15, banjur dibiwara yèn Gunung Kelud statusé malih Awas (Level IV), ya iku status sing mbebayani dhéwé.[7] Mulané, kiteran 10 km saka pucuk gunung wajib dikosongaké saka warga. Ing pukul 22:50, jeblugan dumadi. Jeblugané èksplosif kaya ing taun 1990 (ing taun 2007 jinisé èfusif, ya iku wujud iliné wlahar) sing njalari udan krikil sing dirasakaké warga ing Kacamatan Ngancar, Kadhiri, Jawa Wétan[8]. Laladan Wates banjur didadèkaké papan pangungsèné warga sing padunungané 10 kilomèter saka kubah lava, mituruti pamrayogané Pusat Vulkanologi, Mitigasi, dan Bencana Geologi (PVMBG).[9] Swara jeblugané dilapuraké krungu nganti laladan Sala lan Yogyakarta (200 km),[10] uga Purbalingga (kurang luwih 300 km).

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. a b c d www.kediri.go.id Archived 2022-08-18 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 3 Juli 2011)
  2. a b c d e f g h Gunung Kelud Archived 2011-02-19 at the Wayback Machine. (Dipuntingali tanggal 3 Juli 2011)
  3. Sejarah letusan Gunung Kelud_dipun unduh ing tanggal 15 Februari 2014
  4. a b Nazrul Alam Aziz. Merekayasa Gunung Kelud. Kompas 15 Okt 2007.
  5. Bambang Setiawan. Kemelut Gunung Kelud. Kompas daring edisi Senin, 30 Januari 2012 Diakses 1 Juli 2012
  6. Pra erupsi Gunung Kelud sekarang mirip 1990 & 2007
  7. Status Gunung Kelud Meningkat Jadi Awas: Daerah Merah Beradius 10 Kilometer
  8. "Gunung Kelud Erupsi, Kediri Hujan Kerikil". Diarsip saka sing asli ing 2014-02-22. Dibukak ing 2014-02-14.
  9. Gunung Kelud Erupsi
  10. Dentuman Kelud terdengar hingga Yogyakarta[pranala mati permanèn]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Médhia magepokan Kelud ing Wikimedia Commons