Gunung Talang
Gunung Talang (jeneng liyané Salasi utawa Sulasi) dumunung ing Kabupatèn Solok, Provinsi Sumatra Kulon, Indonésia; yakuwi ing Nagari Batu Beras, 9 km saka Kutha Kayu Aro Kabupaten Solok, watara 40 km sisih wétan Padang. Gunung kanthi tipe strato vulkanis lan elevasi 2.597 m iki minangka salah siji saka enem gunung geni aktif ing Sumatra Kulon.
Ana papat kacamatan kang wargané mukim ing sikil gunung iki, yakuwi Kacamatan Lembah Gumanti, Danau Kembar, Gunung Talang, lan Lembang Jaya. Cacahing pedunung ing papat kacamatan iku watara 160.000 jiwa, utawa saprotelon saka cacahing pedunung Kabupatèn Solok.
Gunung Talang wis tau njeblug ping papat, yakuwi taun 1803, 1833, 1945, lan 1983.
Tanggal 11 April 2005, Gunung Talang njeblug manèh. Lidhu kang diterusaké anané swara gemuruh lan jeblugan kang ngetokaké awu vulkanik wis kadadéyan saora-orané ping 42. Ing Aia Batumbuak, tlatah paling cedhak saka sumber jeblugan, udan awu nganti tekan radius 5 km, déné kandelé awu ing dalan nganti 10 cm. Ing sisih kidul Gunung Talang kawangun kawah anyar kang ngetokaké keluk welirang lan udan awu vulkanik. Watara 27.000 pedunung kudu dievakuasi saka wewengkon kuwi.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Referensi
[sunting] Delengen uga
[sunting] Pranala jaba
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Talang. Global Volcanism Program. URL diaksès tanggal 2010-06-06