Gunung Marapi
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 345 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Marapi | |
|---|---|
Gunung Marapi |
|
| Elevasi | 2,891 m (9.485 ft) [1] |
| Dhaptar | Ribu |
| Location | |
|
|
|
| Pagunungan | Bukit Barisan |
| Koordinat | 0°22′50″S 100°28′24″E / 0.38056°S 100.47333°EKoordinat: 0°22′50″S 100°28′24″E / 0.38056°S 100.47333°E |
| Geology | |
| Tipe | Stratovolcano |
| Umur | Pleistosen |
| Larikan/sabuk | Busur Sunda |
| Pungkasan njeblug | 2004 |
Gunung Marapi (ugi misuwur kanthi nama Merapi utawi Berapi) inggih punika salah satunggaling jinis gunung geni ingkang dumunung ing propinsi Sumatera Barat, Indonésia. Gunung Marapi kalebet gunung ingkang paling aktip ing[ Sumatra. Miterat cathetan administratif ipun, Gunung Marapi kalebet ing dhaérah Kabupaten Agam. Gunung Marapi ugi saged dipuntingali saking kota Bukittinggi, kota Padangpanjang lan kabupaten Tanah Datar. Dhuwuripun Gunung Merapi inggih kirang langkung 2.891 meter saking nginggil laut. Gunung Marapi sampun nate njeblug langkung saking ping 50 wiwit pungkasan abad 18[1].
Bab lan Paragraf |
Daya Tarik [sunting]
Saking kathah gunung ingkang mapan wonten ing Sumatra Barat, Gunung Marapi kalebet dados objek wisata ingkang paling kathah dipun tuweni dening para wisatawan. [3] Ing Gunung Marapi sampun wonten jalur tetep kangge para pendaki saengga nggampilaken para pendaki nalika badhe ndhaki gunung Marapi punika. Ing sakitering Gunung Marapi punika kathah dipun tandur kembang edelwis ingkang sami mekrok ing lereng gunung. Kembang edelwis punika ingkang saged nambah kaendahaning pemandangan GUnung Marapi. Saking pucuk gunung Marapi ugi saged dipun tingali dano Singkarak nalika kahananipun sae.
Jalur Dhaki [sunting]
Gunung Marapi ingkang papanipun mapan wonten ing kalih kabupaten ing Sumatra Barat punika, inggih bilih saperangan maan wonten ing Kabupaten Agam lan saperangan malih mapan ing Kabupaten Tanah Datar punika gampil dipun dhaki amargi papanipun ingkang boten tebih saking kitha Bukittinggi saha kitha Padang Panjang. Saking Padang utawi saking BAndara Ketaping tumuju dhateng Gunung Marapi mbetahaken wekdal kirang langkung 2 jam supados saged dhateng lokasinipun. Dene menawi budhal saking Bukittinggi mbetahaken wekdal kirang langkung 30 menit. Transportasi dhateng Gunung Marapi punika saged medal jalur dharat, saged ngginakaken angkutan umum utawi travel. Gunung Merapi punika papanipun sisihan kaliyan Gunung Singgalang. Dene kaendahaning Gunung Singgalang kanthi wontenipun tlaga ing nginggil gunung ingkang dados daya tarikipun gunung singgalang piyambak. Sasanesipun medal Bukittinggi, jalur dhaki dhateng Gunung Marapi punika ugi saged medal Nagari Koto Baru ing Kabupaten Tanah Datar. Menawi ndhaki liwat jalur punika saged dipun tingali ugi endahing perkebunan janganan mliginipun wortel. Saking Nagari Koto Baru saged nitih angkutan umum tumuju dhateng Nagari Pandai Sikek, lajeng dipun terasaken nitih ojek kirang langkung 15 menit sampun dugi ing gerban kawasan dhaki. Lan anggenipun ndhaki boten pareng nalika udan napa ing mangsa ingkang kirang sae amargi wonten larangan saking masarakatipun.
Delengen Uga [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b "Marapi". Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. http://www.volcano.si.edu/world/volcano.cfm?vnum=0601-14=.
- ^ sumbar.bps.go.id Nama Gunung, Lokasi dan Tingginya
- ^ (id)[[1]] Daya Tarik Gunung Marapi (dipunundhuh tanggal 14 Januari 2013)