Gunung Talamau
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 377 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Gunung Talamau | |
|---|---|
Gunung Talamau, dipuntingali saking arah Gunung Marapi |
|
| Elevasi | 2.913 m (10 ft) [1] |
| Dhaptar | Ribu |
| Location | |
| Lokasi | Kabupaten Pasaman Barat, Sumatra Barat, Indonésia |
| Pagunungan | Bukit Barisan |
| Koordinat | 0°16′29.14″N 99°55′46.28″E / 0.2747611°N 99.9295222°EKoordinat: 0°16′29.14″N 99°55′46.28″E / 0.2747611°N 99.9295222°E |
Gunung Talamau inggih salah satunggaling gunung ingkang dumunung ing Desa Pinagar, Kecamatan Kinali, Kabupaten Pasaman Barat, Propinsi Sumatra Barat, Indonésia sisihan kaliyan Gunung Pasaman. [2]Gunung Talamau inggih gunung ingkang paling inggil ing Propinsi Sumatra Barat, dhuwuripun kirang langkung 2,920 meter saking nginggil laut.[3] Gunung Talamau kalebet tipe gunung geni ingkang boten aktip.[3]
Bab lan Paragraf |
Geografi [sunting]
Miterat asiling panaliten saking Pusat Penelitian Geoteknologi Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonesia (LIPI), Gunung Talamau kabentuk saking maneka warna jinis watu, inggih punika watu vulkanik produk Galau (campuran) Talamau. [4]Saking Major Elemen ingkang nedahaken jinising batuan beku ing dhaérah kasebat, dados dipunbedakaken dados sekawan jinis, inggih punika jinis batuan basa (basalt), menengah (andesit), agak asam (dasit), dan granit (asam).[4]
Kaendahan ing sakitering gunung [sunting]
Wonten ing sangandhaping pucuk gunung, udakawis ing inggil 2.750 m, wonten 13 tlaga, inggih punika [5]:
- Talago Buluah Parindu.
- Talago Cindua Mato.
- Talago Imbang Langik.
- Talago Lumuik.
- Talago Mandeh Rubiah.
- Talago Puti Bungsu.
- Talago Puti Sangka Bulan.
- Talago Rajo Dewa.
- Talago Satwa.
- Talago Siuntuang Sudah.
- Talago Tapian Puti Mambang Surau.
- Talago Tapian Sutan Bagindo.
Ing Gunung Talamau ugi wonten grojogsn kanthi dhuwuripun langkung saking 100 meter, ingkang misuwur kanthi sebatan Air Terjun Puti Lenggo Geni. [4]
Transportasi [sunting]
Menawi badhe tumuju dhateng gunung Talamau saged saking kalih arah, inggih punika saking dhaérah Rao (dhaérah watesaning propinsi Sumatra Utara lan Sumatra Barat) kaliyan kitha Padang. [4] Ananging boten usah kuwatos bilih sak punika wisatawan saged kanthi gampil pados akses tumpakan dhateng gunung punika awit wonten ing kitha Padang sampun kathah transportasi kanthi rute Padang-Pasaman Barat.[4] Para wisatawan saged piknik dhateng gunung kanthi ngginakaken angkutan umum, dangunipun kirang langkung 6 jam kanthi beya Rp30.000 saben tiyang.[3]
Sasampunipun dumugi papan parkir ing ngandhap gunung, para wisatawan salajengipun kedah minggah gunung kanthi mlampah.[3] Menawi ingkang remen minggah gunung, titik awalipun saged dipun wiwiti saking tigang dhaérah, inggih punika saking desa Pinagar, Malampah lan Kinali kanthi dangunipun minggah gunung kirang langkung 12 jam.[3]
Akomodasi [sunting]
Beya tiket wisatawan Gunung Talamau inggih punika Rp4000 saben tiyang lan dipunbayaraken wonten ing pos II. Fasilitas ingkang dipunsameptakaken inggih wonten 5 pos kangge leren lan ugi wonten jasa guide. [3]