Gunung Agung

Saka Wikipédia, Ènsiklopédhi Bébas ing basa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika mawi basa Jawi

Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gunung Agung

Elevasi 3.031 meter (9.944 kaki)
Garis Lintang 8° 342′ LS
Garis Bujur 115° 508′ BT
Lokasi Bali, Indonesia
Jinis stratovolcano
Jeblugan pungkasan 1964

Gunung Agung kuwi gunung paling dhuwur ing pulo Bali dhuwuré 3.142 msls (saka lumahing segara). Gunung iki dumunung ing kacamatan Rendang, Kabupaten Karangasem - Bali.

Gunung Agung kuwi gunung geni tipe [[stratovolcano]], gunung iki duwé kawah kang gedhé banget lan jero banget lan kadhangkala ngetokaké keluk lan uap air. Saka Pura Besakih gunung iki katon kaya kerucut lancip sampurna, nanging sabeneré pucuk gunung iki dawa lan pungkasané arupa kawah kang melingkar lan amba.

Saka pucuk gunung Agung kita bisa ndeleng pucuk Gunung Rinjani kang dumunung ing pulo Lombok, senajan kaloro gunung kuwi katutup méga awit pucuk kaloro gunung mau ana ing sadhuwuré méga.

Bab lan Paragraf

[sunting] Kapercayaan masyarakat

Masyarakat Hindu Bali percaya yèn Gunung Agung kuwi papan dunungé para dewa-dewa, lan uga masyarakat percaya yèn ing gunung iki ana istana para dewata. Amarga saka kuwi, masyarakat Bali ndadèkaké panggonan iki minangka papan kramat kang dianggep suci.

[sunting] Jalur pandhakian

Gunung geni (kiwa) kuwi titik paling dhuwur ing Bali

Pandhakian tumuju pucuk gunung iki bisa diwiwiti saka telung jalur, yaiku :

  • Saka kidul, yakuwi saka selat liwat sangkan kuwasa.
  • Saka kidul-wétan, yakuwi saka Budakeling lewat nangka
  • Saka kulon, minagka jalur kang umum dipigunakaké déning para pendhaki yaiku saka Pura Besakih.
  • Disaranaké kanggo para pendhaki supaya ora nggawa panganan saka daging sapi, amarga tlatah gunung iki dianggep suci.

[sunting] Delengen uga

[sunting] Pranala njaba


Sumber artikel iki saka kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/wiki/Gunung_Agung"