Gunung Wayang

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Wayang-Windu

Gunung wayang yaiku gunung sing manggon ana ning Pulo jawa, Indonesia. [1] Dhuwure gunung iki yaiku 2181 meter. [1]. Gunung wayang duwe kawah sing jembare 750 m ning sisih kulan ana 4 fumarol daerah.

Teges Gunung Wayang[sunting | sunting sumber]

Kaendahan Gunung Wayang

Tembung "wayang' wonten ing nama Gunung Wayang ingkang manggen wonten ing sisih kidul Bandung sejatosipun sanes kapundhut saking kata "Wayang". Wayang wonten ing ngriki kapundhut skaing tembung "wa" kaliyan "yang". "wa" ngemu teges angin utawi angin lembut, kaliyan "yang" ingkang ngemu teges dewa. Dados miturut etimologi kata, gunung punika tegesipun "Angin Surgawi" utawi "ANgin Dewata ingkang Lembut", minangka nggambaraken kaendahan alam ingkang wonten ing sakiwa tengenipun gunung.[2]

Sajarah Gunung Wayang[sunting | sunting sumber]

Gunung Wayang sampun dangu dipuntepang kaliyan masyarakat, wonten ing taun 1914 Dr. N.J. Krom ngandharaken bilih wonten ing pucuking Gunung wonten arca ingkang kadamel saking watu cadas ingkang proses pandamelanipun kasar lan wonten ugi 40 arca sanesipun. Wonten ing salah satunggaling pasarean wonten pecahan-pecahan tembikar, kapak batu kaliyan tembikar.

Pupuh Sinom[sunting | sunting sumber]

Wonten ing godhong lontar, Pujangga manik nyerat :


“…
Sacunduk ka Gunung Sembung,
Eta huluna Ci Tarum,
Di inya aing ditapa,
Sambian ngeureunan palay,
Tehering puja nyanghara,
Puja nyapa pugu-pugu,
Tehering nanjeurkeun lingga.
…”
“…
Sadari aing ti inya
Leumpang aing ngidul-ngetan,
Meuntasing di Ci Marijung,
Meuntasing di Ci Carengcang,
Meuntas aing di Ci Santi,
Sananjak ka Gunung Wayang.
…”

wosipun pupuh punika ngandharaken bilih gunung wayang sampun dipuntepang lami kaliyan masyarakat.

Papan Wisata[sunting | sunting sumber]

Nalika wonten ing taun 1930-an Pangalengan sampun dados objek wisata ingkang misuwur amargi kaendahaning alam ingkang permai. Apel kaliyan kapas mutunipun sae, papan punika ugi kathah dipunbangun hotel. Nji Anah, Zangeres-Dichteres wonten ing Tjiandjoer, nyerat pupuh ingkang salajengipun dados buku panduan wisata, Beschrijving van Pangalengan en Omstreken ingkang dipunjangkepi kaliyan foto-foto, peta ingkang ukuranipun rinci sanget. pupuh sinom ingkang dipunserat dening Nji Anah kasebat, inggih punika :

Tanah ma’mur Pangalengan
Mun ku urang dikuriling
Atawa ditingalian
Palih ti wetan ngadingding
Watesna Gunung Bedil
Gunung Wayang Gunung Windu
Ngantay jadi sajajar
Jiga nu pairing-iring
Cek urang teh bade arangkat ka mana?


Tanah Makmur Pangalengan
Jika kita kelilingi
Atau sekadar dilihat
Sebelah timur mendinding
Batasnya Gunung Bedil
Gunung Wayang Gunung Windu
Seperti beriring-iring
Kata kita mau berangkat ke mana?

Ginanipun Gunung Wayang[sunting | sunting sumber]

Gunung wayang sapunika dipun-ginakaken energi panas buminipun (Geotermal), satemah saged nambah cadangan energi kangge Pulau Jawa kaliyan Bali. Ananging kawontenanipun energi panas bumi punika gayut kaliyan air ingkang ngresep wonten ing lebetipun lemah. Kawontenanipun geotermal punika ugi gayut kaliyan kawontenanipun hutan.

Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b (id)[1](dipunundhuh tanggal 15 Juli 2012)
  2. ^ (id)Dari Gunung Wayang, Angin Dewata Berembus(dipunundhuh tanggal 29 September 2012)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Wayang&oldid=873463"