Gunung Tangkuban Prau
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Gunung Tangkuban Perahu)
| Tangkuban Prau | |
|---|---|
| Dhaptar | Ribu |
Gunung Tangkuban Prau utawa Gunung Tangkuban Perahu utawa Gunung Tangkuban Parahu iku salah siji gunung sing dumunung ing provinsi Jawa Kulon, Indonésia. Dunungé watara 20 km arah lor Kutha Bandhung, dhuwuré 2.084 mèter. Wangun gunung iki arupa Stratovulcano kanthi pusat erupsi sing pindhah-pindhah saka wétan mangulon. Gunung Tangkuban Prau yaiku salah sawijine gunung berapi kang isih aktif ing Pulo Jawa.[1] Gunung iki wis ana ping pira wae dicathet tau njeblug, kang andadekake kawah sing cacahe ana sanga.[1] Ing antarané yaiku Kawah Ratu, Kawah Upas, Kawah Domas, lan liya-liyane.[2]