Sapu

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Wanita migunakaké sapu saka bahan pring (1899)
Sapu saka bahan sorgum

Sapu yaiku salah sijiné piranti resik-resik kang awujud serat utawa serabut kaku lan biasané dipasang utawi ditaleni ing gagangé kang bundèr lan pesagi. Sakjroning kemajuan zaman sapu akèh ngalami owah wujud, wiwit saka pang wit-witan lan saka serat alami utawa gawéyan manungsa, sapu rumiyen awujud bundèr, wujud kang gampang digawé. Nanging sapu kang awujud bunder iku mupangaté ora bisa migunani sakabèhané kanggo résik-résik amarga ora praktis. Sapu bisa ditalèni ing gagangé sing bunder utawa pesagi lan bisa dianggo resik-resik ana ing latar, dalan, payon, kebon lan sakpanunggalané. Macem-macem sapu lan mupangaté miturut wujudé :

Bab lan Paragraf

[sunting] Jinis

[sunting] Sapu Sada

Sapung kang wujudipun serabut digawe saka sada klapa utawa sada aren yaiku perangan kang dadi siji ana ning godhong blarak jènénge sada. Sapu sada dimumpangatake kanggo resik-resik latar, dalan, lan kebon uga kanggo ngosèk jobin, lan jèdhing. Sapu sada ora bisa kanggo nyapu ana ing jobin kramik amarga lunyu lan mung bisa kanggo ngosèk, biasané ing satengahing masyarakat sapu sada dienggo résik-résik latar.

[sunting] Sapu Kelud

Sapu kang digawe saka serat sepet klapa, lan mupangaté kanggo resik-resik utawa nyapu ana ing lantai utawa jobin.Sapu kelud biasané ditaleni ing gagang kang bunder utawa pesegi lan wujude lemes.

[sunting] Sapu duk

Sapu duk digawé saka serat wit kolang-kaling, warnané ireng lan rada kaku. Saliyané digawé sapu, duk uga bisa digawé kanggo rambut Barongan , sapu duk mumpangate kanggo résik-résik utawa nyapu ana ini jobin kang pléstèran utawa kramikan. Duk dipasang lan ditaleni ing gagang kang dawané samèter, wujud gagangé bunder utawa pesagi.

[sunting] Sapu Sawang

Sapu sawang yaiku sapu kang digawe saka serat duk, kang gagange dawané rong mèteran. Mumpangaté kanggo résik-résik sawang (omah kewan monggo) ana ing omah lan résik-résik kang, kaya regedan ing dhuwur payon lan sapanunggalipun.

[sunting] Serap

Serap iku piranti sing wujudé kaya sapu nanging biasané mawa gagang sing cendhek. Gunané kanggo resik-resik méja, kursi utawa ambèn, saka rereged, bledug utawa awu.

Bakul Sapu ing Kabupatèn Blora
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sapu&oldid=680036"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès