Méja
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Méja yaiku prabot omah kang nduwèni bagéyan kang dhatar ing dhuwuré kang dadi daun méja lan nduwéni sikil méja kanggo nyangga daun méja.[1] Méja kerep dianggo nyimpen barang lan panganan. [1]Méja digawé kanthi dhuwur kang gampang dijangkau nalika lagi lungguh.[1] Méja umumé digawé sepasang karo kursi.[1] Méja umume ora nduwé laci ananging ana uga méja kang nduwé laci kanggo kabutuhan tinamtu kayata méja rias.[1]
[sunting] Jinis
Méja nduwéni werna-werna ukuran lan bentuk.[1] Saliyané iku, ukurané méja uga werna-werna.[1]
- Méja biliar yaiku méja kanggo main biliar.[1]
- Méja dorong yaiku méja kang ana rodhané gunané kanggo wadah panganan utawa kanggo ngeteraké panganan.[1] Meja iki biyasané dienggo ing restoran lan ing hotèl.[1]
- Méja goyang Tek yaiku méja kang digunaké kanggo misahaké mineral kang ana ajiné saka bijih.[1] Carané kanthi nggoyang-nggoyangaké méja ing banyu kang mili.[1]
- Méja kartu yaiku méja kanggo main kertu domino utawa remi.[1]
- Méja modular yaiku méja kang disusun lan digawé manut kabutuhan.[1]
- Méja pinjam yaiku méja kang dianggo nglaksanakaké transaksi peminjaman kolèksi buku ing perpustakaan.[1]
- Méja putaran kramik yaiku méja kang dadi mesin kanggo ngolah lemah lempung dadi kramik.[1] Meja iki kasusun dening piring datar kang ana sumbuné kang bisa muter kanthi stabil lan ana uga bagéyan kang kanggo nyangga.[1]
- Méja Tulis yaiku méja kang kanggo nulis.[1]
- Méja makan yaiku méja kang khusus digawé kanggo panggonan mangan.[1] Méja mangan biyasané manggon ing ruang mangan.[1]
- Méja kerja yaiku meja kang kanggo kerja, méja iki manggon ing ruang kerja lan disusun kanggo kabutuhan kang diperlokaké ing kerjaan.[1]
- Méja laptop yaiku méja kanggo wadhah laptop nalika dienggo.[2]