Laptop
Laptop uga dikenal notebook utawa netbook, yaiku komputer jinjing kang bisa digawa ing ngendi-endi kanthi gampang.[1] Laptop iku kalebu komputer generasi IV. [1] Laptop iku komputer pribadhi kang ukurané rada cilik, bisa digawa neng ngendi-endi lan bisa dipangku nalika nganggo, kasusun saka saprangkat kayata papan tombol, layar, mikroprosessor, lan padatan dijangkepi karo batere kang bisa diisi maneh.[2] Laptop nduwe komponen-komponen kang dirancang khusus.[3] Komponen-komponene bedha saka komputer pribadhi (PC).[3] Komponen kang nyusun laptop iku ukurane cilik, hemat energi, lan efisien.[3] Laptop bobote kurang luwih 1-6 kg.[2] Sumber listrik kang dianggo laptop iku saka batere utawa A/C adaptor kang bisa dianggo kanggo ngurupake laptop kuwi dewe. [2] Batere laptop umume bisa kuwat nganti 6 jam.[2] Padatan laptop nganggo layar LCD (Liqiud Crystal Display) kang ukurane 10 inci nganti tekan 17 inci. [1] Saliyane kuwi papan ketike (keyboard) uga dijangkepi karo touchpad sing gunane kanggo ngobahake mouse.[2] Padatan laptop gedhe kaya notebook, kandele antarane 0,7-1,5 inci utawa 18-38 mm lan dimensi wiwit 10x8 inci utawa 27x22 cm.[2] Kang mbedakake antara notebook lan netbook yaiku netbook nduweni output device sing terbatas, uga padatan ora nduweni optical drive. [4]
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.