Layar (aksara Jawa)
- Kanggé kaginan sanès saking layar, mangga mirsani Layar (kapal)
Layar punika salah satunggiling sandhangan panyigeging wanda ingkang dipunginakaken wonten ing aksara Jawi Hanacaraka. Sandhangan wau arupi tandha garis miring ing nginggil aksara, kapara radi melengkung katengen.
Angkah pamasangan sandhangan panyigeg layar punika supados aksara ingkang dipun pasangi sandhangan kalawau ungelipun lajeng dipun pungkasi kanthi ungel "r".
Contonipun: aksara "ga" dipun pasangi sandhangan panyigeg layar, ungelipun lajeng dados "gar".
Wonten ing salebeting standar Unicode versi 5.2 sandhangan layar punika arupi kodhe A982[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sandhangan layar wonten ing aksara Bali
Sandhangan layar punika ing aksara Bali dipunwastani surang dipunginakaken ing suku tembung ingkang mawi pola KVK (konsonan-vokal-konsonan) sarta KKVK (konsonan-konsonan-vokal-konsonan), lan konsonan pungkasan arupi fonèm /r/. Conto suku tembung ingkang dipunmaksadaken inggh punika: sar, tar, swar, plar, lll.
Ing salebetipun aksara Bali, fonèm /r/ (Ra, Ra repa, guwung, surang) lan nasal /ɳ/ (Na rambat) sami-sami minangka wargi murdhania (konsonan retrofleks (tarik-belakang), senadyan miturut fonologi saleresipun Ra minangka konsonan alveolar) ing aksara Bali. Pramila, wonten ing peraturan aksara Bali, manawi fonèm /r/ dipunlajengaken déning nasal /n/, sacara otomatis fonèm /n/ kasebat dados /ɳ/.[2] Sacara prasaja, yèn jroning swiji tembung kakandhut surang (/r/), lan dipunlajengaken déning aksara Na kojong (/n/), aksara Na kojong kasebat owah dados Na rambat (/ɳ/). Conto tembung ingkang dipunmaksadaken inggih punika: warna, karna, parna, lsp. Yèn disalin menyang aksara Bali, aksara n ing tembung-tembung kasebat dipunserat nganggé Na rambat.
Layar utawi surang saged dipunserat sisih-sisihan kaliyan pepet utawi ulu.Panulisanipun, pangangge swanten (pepet lan ulu) dipunru,iyinaken, lajeng dipunlajengaken layar utawi surang.
[sunting] Mangga mirsani
[sunting] Rujukan
- ↑ Kodhe Unicode kanggé aksara Jawi
- ↑ Simpen, kaca 27.
[sunting] Pranala jawi
|
||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||||
