Komputer
Komputer iku piranti kanggo ngolah informasi miturut prosedur sing wis katentokaké .
Tembung computer wiwitané kanggo nggambaraké manungsa sing gawéané ngitung aritmatika, kanthi utawa tanpa alat bantu, nanging maknané tembung iki banjur pindhah menyang mesin kasebut. Mula bukané, pangolahan informasi mèh tansah sesambungan klawan prakara aritmatika, nanging komputer modern kanggo uga digunakaké ing saknjabané matématika.
Ing panyebutan kaya mangkéné iki uga ana piranti kaya slide rule, jinis kalkulator mekanik wiwit seka abakus lan sabanjuré, nganti kabèh komputer elektronik kontemporer. Istilah iki luwih cocok kagunakaké ing arti sing luwih amba, yaiku komputer iku "pamroses informasi" utawa "sistem pangolah informasi."
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Komputer kang ana saiki iku ora luput saka ditemokake mesin-mesin kanggo ngetung ing dina-dina kepungkur. [1] Ditemokakene mesin-mesin kaya abacus (sempoa), Pascaline, Arithometer, lan mesin analitik iku sing njalari anane komputer kaya saiki.[1]
1: Monitor
2: Papan induk
3: Pemroses
4: Slot ATA
5: Memori Akses Acak (MAA)
6: Slot PCI
7: Catu Daya
8: Pamuteran cakram optik
9: Cakram Padhet
10: Papan Tutul
11: Tetikus
[sunting] Jinis Komputer
- mikrokomputer
- komputer omah (home computer)
- komputer pribadi (PC)
- server
- minikomputer
- komputer rangka utama (mainframe computer)
- superkomputer
[sunting] Delengen uga
[sunting] Rujukan
[sunting] Pranala njaba