PCI
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 96 dinten 282 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Slot PCI inggih menika Peripheral Component Interconnect utawi menawi wonten ing Basa Indonesia Interkoneksi Komponen Periferal inggih menika piranti ingkang dipun-desain kanggé ngatur perangkat keras / piranti kasar utawi ingkang langkung kawéntar kaliyan hardware. PCI ugi kalebet bandwidth inggil ingkang populer [1]. Prosesor independent bus menika saged gadhah fungsi dados bus mezzenine utawi bus periferal. Standar bus PCI menika pangembanganipun déning konsorsium PCI Special Interest Group ingkang dipundhapuk déning Intel Corporation lan perusahaan sanèsipun nalika tahun 1992. Ancasing dhapukan bus menika inggih kanggé nggantos bus ISA/EISA ingkang sakdèrèngipun dipunginakaken kanggé komputer IBM PC utawi kompatibel-ipun.
Komputer ingkang dangu ngginakaken slot ISA ingkang kalebet bus ingkang alon (lambat). Awit medalipun PCI kirang langkung tahun 1992 dumugi sakmenika, bus PCI tasih dipunginakaken dumugi medal versi ingkang enggal inggih menika PCI Express. Ing taun 2004 medal PCI Express nggantos Slot AGP ingkang ccepetipun dumugi 80 Gb/detik. Padatanipun Slot PCI lan PCI Express kagungan warna putih lajeng slot [[AGP] warninipun coklat.[2].