Piranti kasar
Piranti kasar komputer iku kabèh bagéyan fisik komputer, lan dibédakaké karo data sing ana ing sajeroné utawa sing lumaku ing jeroné, lan dibédakaké karo piranti alus (software) sing nyadiakaké instruksi marang piranti kasar jroning ngayahi tugasé.
Wates antara piranti kasar lan piranti alus bakal rada kurang cetha nalika kita wicara ngenani firmware, amarga firmware iki arupa piranti alus sing "digawé" ing sajeroning piranti kasar. Firmware iki arupa wilayah ing babagan èlmu komputer lan tènik komputer, sing arang dikenal déning umum.
Komputer umumé arupa komputer pribadi, (PC) jroning wangun desktop utawa menara kotak sing dumadi saka bagéyan:
- Papan sistem/papan indhuk sing dadi wadhah tumrap CPU, mémori , slot vga, lan nduwèni slot kanggo kartu tambahan.
- RAM - papan panyimpenan data sauntara wektu,saéngga piranti alus sing kita anggo bakal kasimpen sauntara wektu, saéngga komputer ora perlu tansah ngaksès hard disk kanggo golèk data. Gunggung RAM sing luwih gedhé bakal mbiyantu kacepetan PC
- Buses:
- ROM (Read Only Memory) papané firmware
- CPU (Central Processing Unit) minangka utek lan bagéyan utama komputer
- Power supply - sawijining kothak sing nyaluraké daya menyang papan indhuk transformer, kontrol voltase lan kipas
- Pangontrol panyimpenan, saka jinis IDE, SCSI utawa SATA utawa liyané, sing ngontrol hard disk, Floppy disk, CD-ROM, DVD-ROM lan drive liyané; kontroler iki dumunung ing papan indhuk utawa ing kartu tambahan
- Pengontrol penampilan video sing mrodhuksi output tumrap komputer display
- Pangontrol komputer bus (paralel, serial, USB, Firewire) kanggo nyambung komputer karo alat tambahan njaba liyané kaya printer utawa scanner
- Sawetara jinis panyimpenan komputer:
- Panyimpenan njero - nyimpen data jroning komputer kanggo jangka suwé.
- Hard disk – kanggo nyimpen data jangka suwé
- Disk array controller
- Kartu swara - nerjemahaké signal saka papan sistem menyang basa sing bisa dimangertèni speaker, lan nduwèni terminal kanggo nyolok kabel swara speaker.
- Jaringan komputer - kanggo ngubungaké komputer menyang internèt lan/utawa komputer liyané.
- Modem - media penyambung marang koneksi internèt.
- Kartu network - kanggo internet DSL/kabel, lan/utawa ngubungaké ke komputer lain.
- Alat liyané.
Minangka tambahan, piranti kasar bisa nglebokaké komponen njaba liyané. Ing ngisor iki arupa komponen standar utawa sing umum dipigunakaké.
- Input
- Output
- Jaringan/Networking
Deleng uga[sunting]
- Arsitèktur komputer
- Piranti alus
- legacy system
- Open hardware
- optical computer
- DNA computer
- Sejarah piranti kasar komputer
- Asal istilah komputer
Pranala njaba[sunting]
- (en) Defikisi piranti kasar komputer di Webopedia
- (en) Forum diskusi tentang komputer
- (en) Forum diskusi tentang komputer
|
|||||||||||||||||