Kertu suara
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 68 dinten 397 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Kertu suara utawi wonten ing Basa Inggris menika Sound Card menika salah satunggaling hardware komputer. Piranti menika ginanipun kanggé medalaken suara lajeng dipu-rekam. Wiwitanipun kertu suara menika namung kanggé njangkepi komputer, ananging sakmenika kartu suara menika kalebet salah satunggaling piranti kasar komputer ingkang wajib wonten saben ing komputer.
Dipunsebut kados mekaten amargi piranti kasar komputer menika awujud lempengan PCB ingkang saged ngolah lan ngasilaken swara. Kertu suara ugi dipunarani audio card inggih menika periferal ingkang kaubung dhateng slot ISA utawi PCI wonten ing papan induk saengga komputer saged nglebetaken, ngolah, lan medalaken swara [1] .
Miturut manfaat, kertu suara menika ginanipun kanthi umum inggih menika :
- Synthesizer,
- minangka MIDI interface,
- pengonversi data analog dhateng digital (tuladhanipun ngrekam suara saking mikrofon) lan
- pengonversi data digital dhateng wujud analog (tuladhanipun menawi produksi swara saking speaker)[2] .
Miturut saking caranipun masang, kertu suara utawi sound card kabagi dados tigang macem, inggih menika :
- Kertu suara Onboard, inggih menika kertu suara ingkang cara msangipun nèmpèl langsung wonten ing papan induk utawi motherboard komputer.
- Kertu suara offboard, inggih menika kertu suara ingkang cara masangipun wonten ing slot ISA/PCI wonten ing papan induk. padatanipun sakmenika sampun ngginakaken PCI.
- Kertu suara external, inggih menika kertu suara ingkang cara masangipun kanthi dipunsambung kaliyan komputer lewat port-eksternal kados USB utawi FireWire
Kanggé muter musik MIDI wiwitanipun ngginakaken teknologi FM Synthesis, ananging sakmenika sampun ngginakaken Wavetable Synthesis. Lajeng kanggé digital audio ingkang kala rumiyin namung ngginakaken 2 kanal (stereo), sakmenika sampun ngginakaken 4 kanal suara utawi langkung . Kualitasipun ugi sampun minggah saking 8 bit, 16 bit, 24 bit, 32 bit, dumugi 64 bit.
Cara Kerja [sunting]
Nalika mirengaken swantun saking kertu suara ingkang awujud waveform wav utawi mp3 dipunkirim dhateng kertu suara. data digital menika banjur dipunproses dening DSP ( Digital Signal Processing ) utawi pengolah signal digital makaryo kaliyan DAC ( Digital Analog Converter ) utawi Konversi digital dhateng analog. Ngewahi sinyal digital dados sinyal analog, lajeng sinyal analog dipunmedalaken kanthi media speaker.