Cakram Padhet
Cakram padhet (Basa Inggris: harddisk utawi harddisk drive dipuncekak HDD utawi hard drive dipuncekak HD) inggih menika papan kanggé nyimpen data ing Unit Pemrosésan Séntral (basa Inggris: CPU (Central Processing Unit)).[1] Menawi cakram padhet dipunbikak, wonten ing salebetipun wonten piringan logam minangka panggènan kanggé nyimpen data.[1] Cakram padhet nggadhahi komponèn-komponèn kados piringan logam (platter), head, rangkean èlèktronik, rangkean pangiat, DSP (digital signal processor), chip memori, konektor, spindle, lan acuator arm motor controller.[1] Cakram Padhet nggadhahi cepet anggenipun muter ingkang benten-benten.[1] Wonten ingkang 5400 puteran per menitipun ngantos wonten ingkang 7200 putaran per menitipun.[1] Kasagedan satunggalipun cakram padhet anggenipun muter limrahipun dipuntemtokaken saking kathahipun data ingkang saged dipunsimpen.[1] Agengipun pirang-pirang, wonten ingkang 1,2 Gigabyte (GB) ngantos 80 GB.[1] Setunggal GB sami kaliyan 1000 Megabyte, lan 1 Megabyte sami kaliyan 1000 Kilobyte.[1]
Cakram padhet dados piranti kanggé nyimpen data ingkang wigati sanget ing komputer.[2] Ananging cakram padhet gampil risak, limrahipun amargi:[2]
- Power supply ingkang boten stabil saengga ngrisak kontroller cakram padhet lan motor.[2]
- Cakram padhet menika dhawah lan ngrisak mesin mekanik ingkang wonten ing salebetipun.[2]
- Asring dipunbekta ananging boten mawi pengaman saengga cakram padhet risak amargi guncangan ingkang banget.[2]
- Kondisi MTBF/umur cakram padhet sampun kadaluwarsa.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.