Kabel
Kabel ing basa Inggris cable yaiku salah siji alat kang digunakaké kanggo ntransmisikaké sinyal saka sawijining panggon marang panggon liyané.[1] Kabel ana ing perkembangan jaman wis berkembang miturut jenis lan ukurané kang mbedakaké siji karo sijiné.[1] Miturut jinisé kabel dipérang dadi telu ya iku kabel tembaga (copper), kabel koaksial, lan kabel serat optik.[1]
Bab lan Paragraf |
Sejarah [sunting]
Kabel wiwit ditemokake nalika manungsa mbutuhaké sawijining alat kang migunani kanggo ngubungaké sawijining perangkat karo perangkat liyané[1], lan kabel ditemokake wiwitane taun 1400an. Prosès penemuan kabel iki ora padha antarane kabel siji lan kabel sijine.[1] Penemuan kabel tembaga mbutuhake prosès kang paling suwé dibandingaké jinis kabel-kabel liyané, lan nganti ditemokaké tilpun sakbanjuré.[1] Penemuan kabel koaksial ngetutake penemuan kabel tembaga.[1] Nembe-nembe iki , kabel koaksial wis disempurnakaké manèh karo penemuan kabel serat optik kang tipis banget lan bisa ntransmisikake sinyal chaya.[2]
Jinis [sunting]
- Kabel tembaga
- Kabel koaksial
- Kabel serat optik
Manfaat [sunting]
Umumé kabel duwe fungsi dadi medhia transimisi kang perané kanggo nyepetaké nalika ana kiriman pesen.[1]. Kabel uga digunakake kanggo nyambungake listrik saengga iso fungsi nyalakeke listrik media elektronik opo wae.