Gunung Kawi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gunung Kawi
COLLECTIE TROPENMUSEUM Uitzicht op het Kawische gebergte en op een tabaksonderneming TMnr 3728-418.jpg
Pamandangan Gunung Kawi ing taun 1865-1872 (karya litografi lukisan déning Abraham Salm)
Dhuwur 2,551 metres (8,369 ft)
Lokasi Jawa, Indonésia
Jinis Stratovolcano
Umur batuan Holocene

Gunung Kawi yaiku sawijiné gunung geni kang ana ing Jawa Wétan, Indonésia, ana ing jèjèré Gunung Butak.[1] Nanging nganti saiki durung ana cathetan kang nerangaké yèn gunung kawi kuwi njeblug utawa mbledhos.[1] Gunung Kawi mapan ana ing sisih kulon kutha Malang, gunang kawi uga obyek wisata kang pantes diparani nalika dolan ning Jawa wétan, amerga uniké gunung kuwi.[1] Gunung iki ndhuweni dhuwur 2,551 mèter, obyek wisata iki luwih pantes dijenengi dadi "kutho ing gunung".[1] Ing kéné para wisatawan ora bakal ngrasakaké sepi kaya ing gunung liyané, nanging ing kéné bakal disogati pamandangan alam kang mirip kaya ing negri tiongkok nalika jaman biyèn.[1] Sakliyané dadi papan wisata, Gunung Kawi uga dipercaya dadi papan sarana pasugihan.[2]

Ing sadawané dalan ing gunung kawi, bakal ditemokaké bangunan-bangunan arsitektur khas Tiongkok, ing kana ana kuil/klenteng panggon kanggo sembahyang aliran Kong Hu Cu.[2] Biasané wong-wong Tionghoa mara ing kana ing dina-dina khusus kanggo ritual keagamaan kayata njaluk kaselametan, giam si, ci suak lan sapanunggalané, nanging uga akèh kang mung klèncèr.[2] Ing kana uga akèh panginepan utawa hotel, losmen, lan omah-omah para warga kang bisa diséwa kanggo nginep.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e (id)Gunung Kawi(27 Agustus 2011)
  2. a b c d (id)Gunung Kawi(27 Agustus 2011)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Kawi&oldid=656880"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès