Gunung Abang
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 874 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Gunung Abang inggih menika gunung paling tua nomer kalih kanthi kainggilan kinten-kinten 152 m ( Gunung Abang ), gundukan menika mapan ing sisih kilen kawah saha sebelah kidhul Penelokan, inggih menika titik paling inggil wonten ing kawah paling jawi Gunung Batur, wondéné pandhakian Gunung Abang langkung gampil saking Gunung Batur.[1]
Bab lan Paragraf |
Dhasar Panunjukan saha wiyar [sunting]
Gunung Abang minangka cagar alam adhedasar Surat Keputusan Gubernur Jenderal Hindia Belanda Nomor 12 Stbl 1937 Nomer 579 tanggal 25 Oktober 1937 kanthi wiyar 50,4 ha. Wonten ing taun 1978 Menteri Pertanian RI netepaken malih Cagar Alam Gunung Abang lumantar Surat Keputusan No : 458/Kpts/Um/1978 tanggal 24 Juli 1978.
Panggénan [sunting]
Sacara geografis Cagar Alam Gunung Abang mapan wonten ing 112°48’48” BT saha 7°46’54” LS kanthi wates tlatah : Sacara administratif pamerintahan, tlatah menika mapan ing tiga dhesa inggih menika Dhesa Kedung Pengaron, Kecamatan Kejayan, Desa Sapulante saha Desa Ampelsari, Kecamatan Pasrepan Kabupaten Pasuruan. [2]
Potensi [sunting]
Tipe Ekosistem [sunting]
- Ekosistem Wana Jawah Tropika Andhap
Ekosistem wana menika kabentuk déning vegetasi wana rimba alam campuran .Jinis-jinis umumipun dipun ramékaken kanthi kaluwarga Euphorbiaceae, Tiliceae, Moraceae, Streculiae, Fabaceae, Sapindaceae, Dilleniae, Milliceae saha Verbenaceae.[3]
- Ekosistem Wana Jati
Wana Jati asalipun saking tandhuran wonten ing taun 1966, sakmenika sampun mbentuk vegetesi wana ingkang homogen kanthi maneka werna tandhuran andhap kadasta jinis suket-suketan, Lamtoro(Leucena glauca), kacangan (Centrocema pubescens) saha Otok-otok (Moghania strobilifera). [3]
Flora [sunting]
Vegetasi wana ingkang wonten ing salebeting tlatah Cagar Alam Gunung Abang menika ekosistem wana jawah tropika dataran rendah ingkang kasusun saking wana alam saha wana wit-witan. Vegetasi ingkang saged dipun tingali antawisipun : sempu (Dillenia pentagyna) ingkang minangka tandhuran langka saha ing Pulau Sempu ugi boten saged dipun tingali tandhuran menika. Jinis tandhuran ingkang kathah inggih menika beringin (Ficus benyamina), luwing (Ficus hispida), Saga (Adenanthera microsperma), sogo manis (Abrus precatorius), sengon tekik (Albizia lebbeckoides) dan Kesambi (Scleicera oleosa). Vegetasi ing tebing Sungai Kudu langkung kathah bambu ori, bambu wulung, kepuh (Sterculia foetida) saha bendo (Artocarpus elasticus). Wondéné vegetasi wana tandhuran kasusun saking jinin jati (Tectona grandis).[2]
Fauna [sunting]
Pinten-pinten jinis kéwan liyar ingkang saged dipun tingali inggih menika kalong (pteropus vampyrus), lutung jawa (Tracypithecus auratus), kera abu-abu (Macaca fascicularis), kutilang (Pynonotus aurigaster), elang (Accipiter trivirgatus), srigunting (Dicrurus macrocercus) dan tekukur (Streptopelia chinensis).[2]
Kaunikan utawa kaistimewan [sunting]
Tipe ekosistem wana jawah tropika dataran rendah kanthi jinis siti ingkang abrit (abang) saha kawontenanipun tandhuran sempu (Dillenia pentagyna).[2]
Aksesibilitas [sunting]
Kanggé mituju Cagar Alam Gunung Abang saged dipun lampahi lumantar Kutha Pasuruan kanthi ngginakaken montor rodha kalih maupun mobil ngantos ing Dhusun Lemah Abang kanthi jarak + 15 km . Lelampahan salajengipun namung saged dipun lampahi kanthi mlampah saking dhusun Lemah Abang dhateng tlatah cagar alam + 2 km.[2]