Gunung Rinjani

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gunung Rinjani

Kahanan njeblug ing taun 1995
Elevasi 3.726 m (12.224 ft) [1]
Prominence 3.726 m (12 ft) Ranked 39th
Dhaptar Ultra
Ribu
Location
Gunung Rinjani is located in Indonesia<div style="position: absolute; z-index: 2; top: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; left: Kaluputan èksprèsi: Karakter tandha wacan "[" ora ditepungi%; height: 0; width: 0; margin: 0; padding: 0;">
Gunung Rinjani
Koordinat

8°25′S 116°28′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga; Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kadugaKoordinat: 8°25′S 116°28′E / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga / Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga; Kaluputan èksprèsi: Operator < ora kaduga

[1]
Geology
Tipe Stratovolcano (active)
Pungkasan njeblug 2010[1]
Climbing
Rute paling gampang Senaru

Gunung Rinjani inggih menika salah satunggalipun gunung ingkang taksih aktif ing Indonésia ingkang wonten ing pulo Lombok. Miturut administrasi gunung menika mlebet Lombok Wétan, Lombok Kilèn (basa Indonésia: Nusa Tenggara Barat, NTB). Gunung menika inggilipun 3.726 m (12.224 kaki), lan arupi gunung geni paling inggil angka kalih ing Indonésia.[2]

Ing sisih kilèn pucuk gunung Rinjani wonten kaldera ingkang jembaripun watawis 3.500 m × 4.800 m. Wonten ing kaldera menika wonten Segara Anak (segara: laut, tlaga) ingkang jembaripun 11.000.000 m persegi kanthi jero 230 m. Ing wétanipun kaldera wonten Gunung Baru (utawi Gunung Barujari) ingkang nggadhahi kawah kanthi ukuran 170m×200 m lan dhuwur 2.296 - 2376 m dpl.[3][4]

Bab lan Paragraf

[sunting] Géografi

Lombok menika kalebet bagéyan saking paparan Sundha, satunggalipun saperangan pulo alit, saking kilèn ngantos wétan, wonten pulo Bali, Lombok, Sumbawa, Flores, Sumba lan Timor. Rinjani inggih menika salah satunggalipun gunung aktif ing Indonésia ingkang cacahipun 129 gunung.

Gunung Rinjani

[sunting] Rute dhateng gunung Rinjani

Dunungipun Gunung Rinjani wonten ing pulo Lombok, menawi badhé dhateng Gunung Rinjani, kita saged ngginakaken bis langsung Jakarta - Mataram. Sasampunipun dugi ing Mataram, kita lajeng dhateng désa Sembalun utawi dhateng désa Senaru kanthi ngginakaken kendharaan. Sanèsipun ugi saged nganggé montor mabur saking Jakarta, Surabaya, lan Denpasar dhateng Bandara Selaparang Mataram, Lombok.

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c Rinjani. Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. URL diaksès tanggal 2010-03-10
  2. Information - Rinjani. Global Vulcanism Program USGS-Smithsonian. URL diaksès tanggal 13 Sept 2010
  3. Anak Gunung Rinjani Meletus. Kompas. Edisi 2 Mei 2009 daring. Dipunaksès 2 Mei 2009.
  4. Gunung Baru Jari Masih Semburkan Api. Media Indonesia Daring. Edisi 19-05-2009.

[sunting] Pranala njawi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Rinjani&oldid=653536"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès