Gunung Ranai

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gunung Ranai
Dhuwur 1.035  meter
Lokasi Pulo Ranai, Kabupatèn Natuna, Provinsi Kepuloan Riau
Jinis Gunung geni kang ora mbebayani
Gunung Ranai mapan ing wewengkon Kapuloan Natuna, ingkang awarni abrit

Gunung Ranai inggih menika satunggalipun gunung ingkang dunungipun wonten ing Pulo Ranai, Kabupatèn Natuna, Provinsi Kapuloan Riau, Indonésia.[1] Pulo Ranai menika dados punjeripun pamaréntahan Kabupatèn Natuna.[2] Pulo menika tebihipun 562 km saking Kitha Tanjungpinang utawi watawis 589 km saking Kitha Batam.[2] Gunung Ranai menika dados gunung paling inggil ing wewengkon Natuna.[2] Gunung Ranai boten namung kawentar minangka papan pandhakian ingkang saé.[2] Padunung ingkang mapan ing caket gunung ingkang kathahipun nyambut damel minangka nelayan pitados babagan mistis ingkang wonten gegayutanipun kaliyan gunung menika.[2] Padunung ing mrika pitados menawi pupusipun gunung menika dipuniteri awan kandel menika dados pratandha wewengkon ing Segara Natuna taksih boten aman, jawah ageng, ombak ingkang ageng.[2] Kosok wangsulipun, menawi Gunung Ranai ketingal cerah, boten mawi awan, minangka pratandha segara taksih saé.[2]

Kanggé minggah dhateng pupusipun Gunung Ranai, tiyang ingkang badhé minggah kedah ngliwati pinten-pinten pupus ingkang arupi tebing watu kanthi inggil ingkang bènten-bènten.[2] Pupus ingkang kapisan naminipun Pupus Sarendit kanthi kainggilan 968 m.[2] Pupus menika kalebet gugusan tebing kanthi inggil 100 m.[2] Pupus salajengipun inggih menika Pupus Erik Samali ingkang inggilipun 999 m.[2] Pupus menika dados tebing kaping kalih kanthi inggil tebing watawis 150 m.[2] Pupus ingkang kaping tiga (paling inggil) naminipun Pupus Datuk Panglima Husin kanthi inggil 1035 m.[2]

[sunting] Cathetan suku

  1. (id)Ayo Berpetualang Mendaki Gunung Ranai dipunundhuh tanggal 20 September 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m (id)[Suhada, Ichsan (lan kanca-kanca). 2009. Pesona Indonesia; Pariwisata, Budaya dan Sosial (Lebih Dekat Mengenal Pulau Sumatra. Surabaya:Bintang Ilmu;kaca 321-322]

[sunting] Pranala njawi

(id)Ayo Berpetualang Mendaki Gunung Ranai

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Ranai&oldid=652260"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès