Gunung Awu
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 69 dinten 269 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Gunung Awu | |
|---|---|
Kawah Gunung Awu |
|
| Dhaptar | Ribu |
Gunung Awu inggih punika salah satunggaling gunung ing Indonésia ingkang dumunung ing Kapuloan Sangihe, Sulawesi Utara. Gunung Awu mapan wonten ing koordinat 3°41'5"N 125°27'5"E.[1] Gunung Awu kalebet jinis gunung stratovolcano ingkang dumunung ing Pulo Sangihe Besar, Kapuloan Sangihe. Dhuwuripun gunung Awu inggih kirang langkung 1320 meter saking nginggil laut, ananging mnwi dipun etang saking ngandhap laut, dhuwuripun ngantos 3.300 meter.[2] Gunung Awu sampun nate njeblug nalika taun 1711, 1812, 1856, 1875, 1883, 1885, 1892, 1893, 1913, 1921, 1922, 1930, 1966, 1992, lan ingkang pungkasan ing taun 2004 ingkang nyebabaken kirang langkung 8000 tiyang lampus.[3] Gunung Awu inggih punika salah satunggal saking 129 gunung geni ingkang wonten ing lintasan cincin aapi nusantara senajan boten mapan wonten ing lempeng Ingo-AAustralia, Pasifik utawi Eurasia ananging mapan wonten ing lempeng Filipina.[2] Awu wonten ing Basa Sangihe tegesipun abu utawi turahan, saengga masarakat Sangihe kathah ingkang pitados bilih Gunung Awu ingkang sak punika namung turahan saking Gunung Awu ing jaman kala rumiyin ingkang nate damel katastrofi ingkang ageng sanget. Gunung Awu sak punika tebihipun namung 5 -7 kilometer saking kampung-kampung sakiteripun. Ing sakitering gunung Awu ketingal kebon- kebon klapa saha pala, saha rame kaliyan wontenipun griyanipun para pendhudhuk, lan ugi ing rikala wekdal ketingal kabut. Dhaerah ing sakitering gunung awu saged paring siti ingkang subur kanthi perkebunan pala, cengkeh, saha klapa gadhahipun para masarakat.
Sujarah [sunting]
Gunung Awu inggih salah satunggaling gunung stratovolcano ingkang papanipun wonten ing sisih lor Pulo Sangihe Besar, Kapuloan Sangihe. [4] Gunung awu dhuwuripun 1320 meter saking sak nginggiling toya laut. Ananging menawi dipun ukur saking dhasaring laut, dhuwuripun gunung awu saged ngantos 3.300 meter. Saking cathetan Smithsonian Global Volcanism Program, Gunung Awu nate njeblug ing taun 1640 - 1641, 1711, 1812, 1856, 1875, 1883, 1885, 1892, 1893, 1913, 1921, 1922, 1930, 1966, 1992, saha ingkang kaping pungkasan ing taun 2004. Cacahipun korban gunung njeblug saged ngantos 8000 tiyang saha ewunan tiyang kenging cidra, pemukiman ingkang risak, saha pengungsian ingkang ageng- ageng. Saking sedaya prahara gunung njeblug ingkang sampun kadadosan, jeblugan ingkang paling ageng kadadosan ing taun 1711, 1856, saha taun 1966.
Delengen Uga [sunting]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en) Gunung Awu Indonesia (dipunundhuh tanggal 30 Oktober 2012)
- ^ a b (en) Gunung Awu antara Mitos dan Kenangan akan Kehancuran (dipunundhuh tanggal 30 Oktober 2012)
- ^ Kaluputan sitat (pangutipan) Tag
<ref>ora absah; ora ditemokaké tèks kanggo ref mawa jenenggvp - ^ (id)[[1]] Gunung Awu (dipunundhuh tanggal 12 Januari 2013)
