Gunung Pangrango

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Gunung Pangrango
Elevasi 3.019 m
Location
Lokasi Jawa Kulon, Indonésia

Gunung Pangrango iku sawijining gunung sing dumunung ing pulo Jawa, Indonésia. Gunung Pangrango dhuwuré 3,019 mèter. Pucuké dijenengaké Mandalawangi.

Gunung Pangrango uga minangka gunung paling dhuwur kaloro ing Jawa Kulon sawisé Gunung Ciremai, lan dumunung ing sajeroning kawasan Taman Nasional Gedhé Pangrango, persisé dumunung sisihan karo Gunung Gedhé.

Gunung Pangrango duwé kawasan alas Dipterokarp Bukit, alas Dipterokarp Dhuwur, alas Montane, lan Alas Ericaceous utawa alas gunung.


Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Gunung_Pangrango&oldid=606651"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès