Gunung Salak
| Gunung Salak | |
|---|---|
![]() Gunung Salak, didelok saka arah Bogor |
|
| Elevasi | 2.221 m |
| Location | |
| Lokasi | Jawa Kulon, Indonésia |
Gunung Salak yaiku gunung geni sing ana ing pulo Jawa, Indonésia.[1] Gunung iki nduwèni manéka pucuk, antarané Pucuk Salak I lan Pucuk Salak II.[1] Panggoné miturut astronomi pucuk gunung iki yaiku ing 6°43' LS lan 106°44' BT.[1] Dhuwuré pucuk gunung Salak I 2.211 m lan pucuk gunung Salak II 2.180 m dpl.[1] Saliyané kuwi ana pucuk gunung manèh sing jenengé pucuk gunung Sumbul sing dhuwuré 1.926 m dpl.[1]
Ana ing administratif, gunung Salak kalebu ana ing wilayah Kabupatèn Sukabumi lan Kabupatèn Bogor, Jawa Kulon.[1] Panglolaan kawasan alas ana ing gunung iki kabèh ana ing panguwasané Perum Perhutani KPH Bogor, nanging wiwit taun 2003 ana ing panguasané wilayah pawiyaran Taman Nasional Gunung Halimun, kang saiki dijenengi Taman Nasional Gunung Halimun-Salak.[1]
[sunting] Vulkanologi lan géologi
Gunung Salak kalebu gunung geni strato tipe A.[2] Wiwit taun 1600-an kacathet wis asring kadadéyan mbledhos, antarané yaiku rangkéyan jeblugan ana ing taun 1668-1699, 1780, 1902-1903, lan 1935.[2] Jeblugan pungkasan kadadéyan ana ing taun 1938, yaiku érupsi freatik kang ana ing Kawah Cikuluwung Putri.[2]
