Gunung Penanggungan

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Penanggungan
Penanggungan.jpg
Dhuwur 1.653 meter (5.423 kaki)
Lokasi Mojokerto, Jawa, Indonésia
Jinis Stratovolcano
Listing Spesial Ribu

Gunung Penanggungan (dhuwuré 1.653 meter ing dhuwur lumahing segara) yaiku gunung kang ana ing Pulo Jawa, Indonésia.[1]

Panggonané gunung geni kang turu ini ana ing Kabupatèn Mojokerto, Jawa Wétan, leté kurang luwih 25 km saka Surabaya.[1] Gunung Penanggungan panggonané sakluster karo Gunung Arjuno lan Gunung Welirang.[1]

Gunung iki dikenal nduwèni pangaji sejarah kang dhuwur amarga ana ing sakupengé èrèng-èrèng gunung iki ana manéka peninggalan purbakala jaman biyèn, ing antarané candhi, panggonan kanggo tapa, sarta banyu wiwit saka jaman Hindhu-Buddha ing Jawa Wétan.[2] Ing jaman semana banyu kuwi dikenal wong-wong kanthi jeneng Pawitra.[2]

Vegetasi kang nutupi kuwi kalebu kawasan Alas Dipterokarp Bukit, Alas Dipterokarp dhuwur, alas Montane, lan Alas Ericaceous utawa alas gunung.[2]

Pawitra yaiku panggonan kanggo adus ing jaman kuna (patirthan) Jalatunda ana ing èrèng-èrèng kuloné.[2] Pawitra kuwi dibangun taun 899 - 977 M lan isih ngilèni banyu nganti tekan saiki.[2] Banyu saka Pawitra kuwi dianggep amerta (banyu kang langgeng) amarga metu langsung saka awaké Mahameru, gunung kang pucuké ana swarloka, panggonané déwa - déwa.[2] Kang dianggep jaman biyèn tau duwé tahta reca Wisnu déwa kang gawé sejahterané manungsa ing bagéyan tengah panggonan adus, nanging saiki wis ilang ora ngerti ana ing ngendi.[2]

[sunting] Cathetan sikil

  1. a b c (id)Danau Maninjau (Diaksès tanggal 7 Juli 2011)
  2. a b c d e f g (id)Swarloka di Gunung Penanggungan (Diaksès tanggal 7 Juli 2011)
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès