Gunung Lasem
| Name = Gunung Lasem | Photo = Gunung Lasem.jpg | Caption = | Elevation = 806 meter (- kaki) | Location = Rembang, Jawa Tengah Indonesia | Range = | Prominence = | Coordinates = | Topographic map = | Type = | Age = | Last eruption = | First ascent = | Easiest route = }} Gunung Lasem yaiku gunung kang ana ing bagian tengah Kabupaten Rembang mbujur mulai saka pegunungan Kapur Lor ing bagian kidul nganti tekan pesisir pantai Lor ing sebelah lor.[1] Gunung sing dhuwuré kira-kira 806 meter iki separoné ana ing daérah kecamatan Lasem Kabupaten Rembang Jawa Tengah.[1] Kang kalebu macem-macem kecamatan, kayata Sluke, Kragan, Sedan, Pamotan lan Pancur.[1]
Puncak sing paling dhuwur dhéwé saka gunung Lasem yaiku puncak Argopuro.[1] Puncak iki akèh banget ditekani déning para pendaki gunung saka wilayah Rembang, Pati, Blora lan Tuban kang biasané paling ramé wektu dina minggu utawa pas mangsa liburan.[1]
Supaya bisa munggah nganti tekan puncak Argopuro, dalan kang diliwati déning para pendaki biasané liwat désa Nyode, kecamatan Pancur Kabupaten Rembang.[2] Saka kéné mau, isih bisa diléwati nganggo cara numpak kendaraan roda 4 nganti tekan desa kang paling buri dhewe.[2] Ing désa kang paling buri dhéwé kuwi ana pos pendakian sing paling buri bisa dilakoni kanthi mlaku kira-kira kurang luwih 3 jam.[2] Pos kang paling buri dhéwé kuwi dinggo para pendaki kanggo ngaso.[2]
Saliyané kuwi uga bisa liwat saka ener kulon gunung liwat pos pendakian ing désa Gowak utawa désa Kajar kecamatan Lasem.[2]
Gunung lasem pancèn ora dhuwur, nanging saka dhuwur puncak Argopuro bisa deleng laut Jawa ing sebelah lor, kota Lasem, kota Rembang lan gunung Muria ing sebelah kulon. Saka arah kidul kita bisa deleng puncak gunung Lawu.[2]
Kesatuan Pemangku Hutan (KPH) Kebonharjo Perum Perhutani Unit I Jawa Tengah nglarang gunung Lasem lan daérah mata air Sumber Semen ditambang.[3] Alasané, daérah kuwi wis mlebu daérah High Conservation Value Forest (HCVF) utawa Hutan Bernilai Konservasi Tinggi.
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ a b c d e (id)Gunung Lasem (Dipuntingali tanggal 5 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f (id)Gunung Lasem (Dipuntingali tanggal 5 Juli 2011)
- ↑ (id)Gunung Lasem Tidak Boleh Ditambang (Dipuntingali tanggal 5 Juli 2011)