Gunung Kelimutu
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 97 dinten 62 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Gunung Kelimutu | |
|---|---|
| Ketinggian | 1.639 meter (5.377 kaki) |
| Garis Lintang | 8° 77′ LS |
| Garis Bujur | 121° 82′ BT |
| Papan | Pulo Flores, Indonesia |
| Jinis | gunung kompleks |
| Njeblug pungkasan | 1886 |
| Listing | Spesial Ribu |
Gunung Kelimutu inggih punika salah satunggaling gunung ing Indonésia ingkang kalebet jinis gunung geni ingkang taksih aktip, dumunung ing Flores, Nusa Tenggara Timur.[1] Miterat cathetan administratipipun, gunung Kelimutu dumunung ing Desa Pemo, Kecamatan Kelimutu, Kabupaten Ende. Tembung Kelimutu kaperang saking tembung "keli" ingkang ateges gunung, lan tembung "mutu" ingkang ateges umup.[2]
Bab lan Paragraf |
Kahanan Pisik[sunting]
Gunung Kelimutu gadhah tigang dano kawah ing pucukipun.[2] Danau ing Gunung Kelimutu punika misuwur kanthi nama Dano Tiga Warna amargi panci gadhah tigang werna ingkang benten ing saben kawahipun. [3]Dene tigang werna kasebat inggih punika, abang, biru, lan putih.[3] Ananging ing wekdal tartamtu, wernanipun danau kawah kala wau saged ewah dados werna sanesipun.[3] Ing rikala wekdal saged dados werna coklat radi ireng, utawi saking werna abrit dados ijem tua lajeng ewah malih dados abrit tua.[3] Déné masarakat ing sakitering danu kasebat pitados bilih saben werna gadhah teges ingkang benten lan gadah kadigdayan alam ingkang kiyat. [3]
Danau utawi Tiwu Kelimutu ingkang werni biru dipun sebat "Tiwu Nuwa Muri Koo Fai" inggih punika dipunpitados dening masarakat dados papan kempalipun ruh para lare enem ingkang sampun tilar dunya.[4] Danau ingkang abrit dipunsebat "Tiwu Ata Polo" inggih punika papan ingkang dipunpitados dados papan kempalipun tiyang ingkang sampun seda ingkang ing gesangipun asring tumindak ala.[4] Déné danau ingkang werni pethak dipunsebat ugi "Tiwu Ata Mbupu" inggih punika papan ingkang dipunpitados dados papan kempalipun ruh para tiyang sepuh ingkang sampun seda. [4]
Geografi[sunting]
Gunung Kelimutu dhuwuripun kirang langkung 1.640 meter dpal. [3] Amabanipun tigang danau ingkang wonten ing gunung kala wau kirang langkung 1.051.000 meter persegi kanthi volume toyanipun kirang langkung 1.292 juta meter kubik.[3] Ingkang dados wates ing antawisipun tigang danau kasebat inggih dinding watu alit ingkang gampang ambrol.[3] Dinding kala wau miringipun 70 derajat.[3] Dhuwuripun dinding kirang langkung 50 dumugi 150 meter.[3]
Sajarah[sunting]
Tiyang ingkang manggihaken dhaerah punika ingkang kaping sepisan inggih punika Lio Van Such Telen, warga negara Belanda, Bapak Belanda Mama Lio , nalika taun 1915. [5] Déné kaéndahanipun Gunung Kelimutu saged misuwur sasampunipun Y.[5] Bouman nggambaraken wujuding gunung lan danaunipun wonten ing seratanipun ing taun 1929.[5] Wiwit taun punika, kathah wisatawan manca ingkang milai dhateng gunung Kelimutu liginipun badhe mirsani kaéndahanipun Danau Tiga Warna kasebat ingkang rumiyin kalabet danau ingkang dipunanggep sereng déning masarakat ing sakiteripun.[4] Tiyang ingkang tumuju dhateng Gunung Kelimutu boten namung badhe mirsani kaéndahanipun kemawon, ananging ugi badhe pados seserepan babagan kadadosan alam ingkang langka kasebat. [4]
Kawasan Kelimutu sampun dipuntemtokaken dados t Kawasan Konservasi Alam Nasional wiwit 26 Pebruari 1992.[5]
Jinising alas[sunting]
- Hutan Dipterokarp Bukit inggih punika kawasan hutan ingkang mapan wonten dhaérah inggil, dhuwuripun ing antawisipun 300 - 750 meter.
- Hutan Dipterokarp Bukit inggih punika kawasan hutan ingkang mapan wonten dhaérah inggil, dhuwuripun ing antawisipun 300 - 750 meter
- Hutan Dipterokarp Atas inggih punika kawasan hutan ingkang mapan wonten dhaérah inggil, dhuwuripun ing antawisipun ketinggian 750 - 1.200 meter
- Hutan Montane inggih punika kawasan hutan ingkang mapan wonten dhaérah inggil, dhuwuripun ing antawisipun 1,200 - 1.500 meter
- Hutan Ericaceous inggih punika kawasan hutan ingkang mapan wonten dhaérah inggil, dhuwuripun ing antawisipun > 1.500 meter