Gunung Guntur
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 67 dinten 780 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
| Gunung Guntur | |
|---|---|
Gunung Guntur dipuntingali saking kawasan pemandian Cipanas, Garut |
|
| Elevasi | 2.249 m |
| Location | |
| Lokasi | Jawa Barat, Indonésia |
Gunung Guntur inggih punika salah satunggaling gunung ing Indonésia ingkang dumunung ing wilayah Garut sisih kilèn, Jawa Kilen. Gunung Guntur mapan wonten ing koordinat 07 derajat 08'30" LS dan 107 derajat 20' BT.Dhuwuripun gunung Guntur inggih kirang langkung 2.249 meter dpl. Gunung Guntur dumunung ing Kampung Dukuh, Desa Pananjung, Kecamatan Tarogong Kaler, Kabupaten Garut, Jawa Kilen. [1]
Ing kawasan sakitering gunung wonten saperangan jinis alas, inggih punika hutan Dipterokarp Bukit, hutan Dipterokarp Atas, hutan Montane, lan Hutan Ericaceous atau hutan gunung.
Gunung Guntur utawi ingkang dipun wastani ugi gunung Gede gadhah satunggaling kawah ing lebetipun ingkang dipun sebat kawah guntur. Gunung guntur kalebet tipe gunung geni jinis strato ingkang gadhah titik koordinat .[2]
Bab lan Paragraf |
Jalur Daki [sunting]
Menawi badhe dhateng Gunung Guntur saged dipun daki saking kitha Bandung tumuju dhateng kitha Garut kanthi jarak 55 km, kanthi wekdal tempuh 2 jam. Dene jalur daki dhateng kawah ipun ingkang mapan ing pucukipun gunung Guntur ingkang saged dipun daki saking kampung Citiis ing sisih kidul Gunung Guntur, kanthi wekdal daki nipun kirang langkung 3 ngantos 4 jam. Menawi badhe dhateng kampung Citiis saged dipun tuju saking kitha Garut ingkang tebihipun udakawis 3 km kanthi ngginakaken roda 4.
Demografi [sunting]
Dhaerang kampung papan tilaripun warga padatanipun mapan wonten ing dhuwur 600 meter ngantos 1000 meter saking sak nginggiling toya laut. Dalemipun para warga saperangan ageng mapan wonten ing sisih wetan radi kidul saha ing sisih kidul, lan saperangan alit dumunung ing sisih wetan saha lor gunung Guntur.
Papan wisata [sunting]
Gunung Guntur ugi ngewrat potensi wisata ingkang ageng mliginipun sumber daya alamipun, kados ta mata air panas ing Cipanas, Taragong Garut kanthi fasilitas wonten papan kangge siram, kolam renang, saha hotel ugi pemandangan alam ingkang endah sanget, bahan galian kados watu, pasir, ingkang wonten ing kampung Citiis, Cikatel saha Rancabango.Wonten ugi air terjun saha papan kangge kemah ing nginggil kampung Citiis
sujarah [sunting]
Erupsi Gunung Guntur kadadosan ing taun 1847, 1843, 1841, 1840, 1836, 1834, 1835, 1833, 1832, 1832, 1829, 1828, 1827, 1825, 1818, 1816, 1815, 1809, 1807, 1803, 1800, 1780, 1777, 1690.