Gunung Gedhé
| Gunung Gede |
|
|---|---|
Gunung Gede, dideleng saka arah Cipanas |
|
| Dhuwur | 2.958 meter (9.705 kaki)[1] |
| Lokasi | Sukabumi, Jawa Kulon, Indonésia |
| Koordinat | 6.78° LS 106.98° BT |
| Jinis | Stratovolcano |
| Jeblugan pungkasan | 1957 |
| Rute pendakian paling gampang | Cibodas |
Gunung Gedhé (panulisan ing Basa Indonésia: Gunung Gede), iku kalebu gunung kang ana ing Pulo Jawa, Indonésia.[2] Gunung Gedhé dunungé ana ing dhaerah Taman Nasional Gede Pangrango, kang kalebu salah sijine saka lima taman nasional kang pisanan diumumake ing Indonésia ing taun 1980.[2] Gunung iki ana ing tlatah telu kabupatèn, yaiku Kabupatèn Bogor, Cianjur lan Sukabumi, dhuwure gunung iki yaiku 1.000 - 3.000 m. dpl, lan ana ing lintang 106°51' - 107°02' BT lan 64°1' - 65°1 LS.[2] Suhu rata-rata ing puncak gunung Gede 18 °C lan yen ing wayah bengi suhu puncak kira-kira 5 °C, curah udan rata-rata 3.600 mm/taun.[2] Gerbang kang utama mara ing gunung iki yaiku saka Cibodas lan Cipanas.[2]
[sunting] Objek Panaliten
Gunung Gedhé kalebu gunung kang khas lan unik, amarga kuwi, Gunung Gedhé didadèkaké salah sijine laboratorium alam kang agawé para paneliti seneng karo Gunung Gedhé.[3]
Ana ing taun 1819, C.G.C. Reinwardt wong kang kaping pisan bisa mendaki Gunung Gedhé, sateruse disusul dening F.W. Junghuhn (1839-1861), J.E. Teijsmann (1839), A.R. Wallace (1861), S.H. Koorders (1890), M. Treub (1891), W.M. Docters van Leeuwen (1911); lan C.G.G.J. van Steenis (1920-1952) wis gawe macem-macem wit-witan kanggo dasar nyusun buku The Mountain Flora of Java kang diterbitake taun 1972.[3]
Gunung Gedhé uga nduwèni macem-macem ekosistem ya iku formasi-formasi alas submontana, montana, subalpin; sarta ekosistem danau, rawa, lan savana.[3]
[sunting] Obyèk Wisata
Gudung Gedhé utawa Taman Nasional Gede Pangrango uga kalebu objek wisata alam kang endah lan akeh dikunjungi dening wisatawan domestik lan internasional.[3].Kayata:
- Tlaga Biru
- Gerojogan Cibeureum
- Banyu Panas
- Kandang Batu lan Kandang Badak
- Puncak lan Kawah Gunung Gedhé.[3] Ana ing puncak gunung iki kita bisa deleng Panorama kang arupa pemandangan srengéngé sanres/sanset, kutha Cianjur-Sukabumi-Bogor, atraksi geologi kang apik lan bisa deleng wit-witan khas sakubenge kawah.[3] Ing puncak iki ana telu kawah kang isih aktif yaiku kawah Lanang, Kawah Ratu lan Kawah Wadon.[3]
- Alun-alun Suryakencana
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ Gede. Global Volcanism Program. Smithsonian Institution. URL diaksès tanggal 2006-12-19
- ↑ a b c d e (id)Wisata Gunung Gede - Pangrango (Dipuntingali tanggal 30 Juni 2011)
- ↑ a b c d e f g (id)Taman Nasional Gunung Gede Pangrango (Dipuntingali tanggal 30 Juni 2011)