Wisrawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Wisrawa iku putrané Resi Supadma lan isih katurunan bathara Sambodana putra bathara Sambu. Dhéweké duwé garwa Dèwi Lokawati lan Dèwi Sukèsi. Saka Dèwi Lokawati Wisrawa patutan Radèn Danapati. Déné saka Déwi Sukèsi patutan Rahwana.[1]

Carita[besut | besut sumber]

Sadurungé dadi pandhita Wisrawa iku raja ing Nagara Lokapala. Barang putrané wis diwasa, tahta nagara diparingaké marang Radèn Danapati. Sawijing dina, Begawan Wisrawa disuwuni tulung putrané supaya nglamar Déwi Sukèsi. Wisrawa lan Sumali kekancan raket banget. Pandhita kang wis bisa nyaguhi panyuwuné Déwi Sukèsi malah kepincut marang sang déwi, déné Déwi Sukèsi uga kepincut marang Wisrawa. Saben dina wong loro iki kasih-kasihan ing taman sari Alengka. Wusanané Sukèsi ngandhut lan nglairaké Rahwana.[2]

Sastra Jendra[besut | besut sumber]

Sarat utama supaya lamarané ditampa dudu bandha donya. Lamaran kang bakal ditampa déning Dewi Sukèsi ya iku lamaran saka wong kang bisa mbabar Sastra Jéndra. Sastra Jéndra ya iku ngèlmu sajati, ngèlmu spiritual kang mung kanggo para déwa. Yèn ana manungsa kang bisa mbabar Sastra Jendra mesthiné manungsa iku manungsa pinilih. Akeh satriya lan raja kang isih enom lan bagus rupané, santun, lan pinter teka nglamar. Wong-wong kang padha teka nglamar iku nduwéni ngèlmu kanuragan kang dhuwur. Uga ana kang ora tedhas kena gaman. Lumrahé padha nduwéni gaman sekti wujud keris, gandéwa, tumbak, lan gada. Sanajan ngèlmu kanuragané dhuwur, nanging durung padha bisa mbabar Sastra Jéndra. Malah ana kang durung tau krungu bab Sastra Jendra.[3]

Sastra Jendra uga sinebut Sastra Cetha. Serat kang ngandhut kabecikan, kaluhuran, lan kasampurnan marang samubarang kang durung nyata kanggo manungsa. Amarga iku, Illu Sastra Jendra uga sinebut èlmu babagan alam. Mula Serat Sastra Jendra gunané kanggo dalan tumuju kasampurnaning urip.[4] Supaya bisa nggayuh urip kang kaya mangkono, manungsa kudu nglakoni laku kanthi cara:

Mutih: mung magan sega tanpa lawuh.[4]

Sirik: ngadohi samubarang kang sipate kadonyan.[4]

Ngebleng: nyiriki panganan kang ora nganggo uyah.[4]

Patigeni: ora mangan utawa ngombé babar blas.[4]

Banjur sawisé nglakoni laku mau, nglakoni semèdi sinambi ngurangi mangan, ngombé, turu, lan liya-liyané.[4] Nalika semèdi, manungsa bakal èntuk wangsit.[4] Ana pitung trap kang kudu dilakoni nalika kepèngin nggayuh kasampurnaning urip, ya iku:

Tapaning jisim, tegesé ngendheg daya obahing awak utawa kagiyatan. Kudu narima ing pandum.[4] Tapaning budi, tegesé ngadohi pagaweyan èlèk lan samubarang kang nora jujur.[4] Tapaning nepsu, tegesé menep nepsu utawa sipat dur angkara saka dhiri pribadi.[4] Tapaning sukma, tegesé ngeningaké cipta.[4] Tapaning cahya, tegesé manungsa kudu tansah awas lan waspada, uga bisa ngira-ira apa baé kanthi pener.[4] Tapaning gesang, tegesé kudu usaha kanthi ngati-ati nalika ngarah kasampurnaning urip lan kudu tangat marang Gusti.[4]

Lamaran[besut | besut sumber]

Nalika Wisrawa lengsèr keprbon, Danaraja ora kersa mundhut garwa minangka sarat supaya bisa nggantèni Wisrawa. Nanging barang wis dirembug bareng karo Wisrawa, wusanané Danaraja kersa mundhut garwa. Déné kang bakal dadi garwané ya iku Déwi Sukèsi kang wis kondhang ayuné. Mula Wisrawa tindak menyang Alèngka saperlu nglamar Déwi Sukèsi kanggo putrané, Danaraja. Kanthi sopan, Wisrawa sowan marang Prabu Sumali kanggo nglamar Déwi Sukèsi supaya gelem dadi garwa Prabu Danaraja. Kanthi sopan uga, Prabu Sumali mangsuli yèn panglamar kang bisa mbabar serat Sastra Jéndra kang lamarané bakal ditampa. Wisrawa kang wis nguwasani serat Sastra Jéndra nyaguhi sarat kasébut. Minangka bukti yèn dhèwèké nguwasani serat Sastra Jéndra, Wisrawa kudu mdar serat mau marang Déwi Sukèsi. Amarga ngadhut ngèlmu kang piningit, wedaran ora olèh ana wong liya kang krungu. Mula wedaran dilakokaké ana ing sawijing panggonan kang mligi kanggo mbabar isi serat mau.[3]

Wedharan Wisrawa marang Sukèsi[besut | besut sumber]

Wedharan dilakokaké ana ing sawijing panggonan kang mligi kanggo mbabar isi serat mau, ora kena ana wong kang weruh lan krungu. Sing ana ing panggonan mau mung Wisrawa lan Sukèsi. Wiwitan, wedharan kalaksanan kanthi kaku lan formal. Wisrawa ngati-ati banget anggoné medhar, déné Sukési ngrungokaké kanthi permati wedharan serat mau. Wedharan diterusaké, Sukesi pisan-pisan takon marang Wisrawa. Saka carané takon lan apa kang ditakokaké, Wisrawa ngerti yèn sajatiné Sukesi paham isinging serat mau.[3] Saya suwé, Sukesi seneng marang Wisrawa. Sajeroning ati, Wisrawa uga seneng marang Sukési dhèwèké durung naté ketemu karo putri raja kang ayu lan pinter.[3]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Wisrawa
  2. Sucipto, Mahendra. 2010. Ensiklopedia Tokoh-tokoh Wayang dan Silsilahnya. Jakarta. Penerbit Narasi.
  3. a b c d Wisrawa2
  4. a b c d e f g h i j k l m [1]