Déwi Sukèsi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Dèwi Sukèsi

Dèwi Sukèsi iku putrane Prabu Sumali ing Ngalengka. Wujude putri ayu pindha widadari tumurun. Kamangka ramane wujud raseksa. Sang dewi nduwe adhi jenenge Raden Prahastha, wujude buta/raseksa.

Kasulistyane Dewi Sukesi njalari Arya Jambumangli kayungyun lan kepengin mengku garwa, nanging ora wani matur terus terang marang Prabu Sumali, mung glagate kang nuduhake rasa mau. Jaman kepungkur praja Ngalengka direnggani Prabu Mangliawan, ramane Jambumangli, banjur diterusake marang adhine Prabu Sumali. Mula yen idhamane Jambumangli klakon, dheweke bakal bisa jumeneng nata ing Ngalengka. Supaya kasembadan, Jambumangli ngetokake sayembara perang, sing sapa arep dhaup karo Dewi Sukesi kudu perang mungsuh Jambumangli.

Dewi Sukesi sithik wae ora ana rasa tresna marang Jambumangli. Saliyane ala rupane, watake angkara murka kaya ramane (Prabu Mangliawan).

Akeh para raja lan satriya ngleboni sayembara perang. Mbareng tandhing mungsuh Jambumangli padha bali kari aran. Jambumangli pancen digdaya tenan.

Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu[besut | besut sumber]

Rehne Prabu Sumali ora gelem nduwe mantu Jambumangli kang watake angkara murka, banjur gawe rekadaya. Dewi Sukesi dibisiki supaya supaya darbe bebana wedharing Sastra Jéndra Hayuningrat Pangruwating Diyu. Prabu Sumali yakin, Jambumangli ora bisa njlentrehake bebana mau.

Sawijining dina, Ngalengka kerawuhan Begawan Wisrawa, mitrane Prabu Sumali tunggal sapaguron. Lakune Sang Begawan njujug taman Asoka, mbeneri Prabu Sumali lagi ngenggar enggar penggalih. Prabu Sumali gage methukake Sang Begawan lan ngacarani ing pantisari (omah ing tengah taman). Sang Begawan katuran lenggah ing dhampar emas.

Ceritane[besut | besut sumber]

Begawan Wisrawa nuli ngendikakake keperluane, bakal nglamar Dewi Sukesi kanggo putrane kang asmane Prabu Danaraja ratu ing Lokapala. Prabu Sumali banjur ngaturake bebanane, yaiku Dewi Sukesi nyuwun diwejang Sastrajendra Hayuningrat Pangruwating Diyu. Sapa kang bisa mejangake, yaiku kang bakal dadi garwane Sang Dewi.

Bengine, Begawan Wisrawa mejangake Sastrajendra marang Dewi Sukesi ing taman Asoka. Kacarita, Bathara Guru kang ora rena penggalihe yen Sastrajendra diwedharake sadhengah wong, sing bakal bisa madani kawruhe dewa, sigra tumurun ing marcapada bebarengan karo Dewi Uma, garwane. Kekarone salin wujud dadi gandarwa lan raseksi. Gandarwa manjing ing jagade Begawan Wisrawa, dene raseksi manjing ing jagade Dewi Sukesi. Sanalika Begawan Wisrawa ketaman asmara mulat Dewi Sukesi. Semono uga Sang Dewi. Banjur kekarone ulah asmara nutug.

Ing tembe karo Dewi Sukesi, Begawan Wisrawa peputra: Rahwana (Dasamuka), Kumbakarna, Dewi Sarpakenaka, lan Gunawan Wibisana.


Katurunan[besut | besut sumber]

Dasamuka putranipun Dèwi Sukèsi
Kumbakarna putranipun Dèwi Sukèsi
Gunawan Wibisana putranipun Sukèsi ingkang awujud satriya


Rujukan[besut | besut sumber]