Menyang kontèn

Surpanaka

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Sarpakanaka)
Sarpakanaka lan kadang tuwané Rahwana, ing lakon wayang wong.

Sarpakanaka iku siji-sijiné putrané Begawan Wisrawa sing wadon sajeroning carita Ramayana. Ing vèrsi Indhia, jenengé Śurpanakha. Ing padhalangan, Sarpakanaka (Sarpakenaka) iki putrané Resi Wisrawa karo Dèwi Sukèsi sing angka telu. Kadangé tuwa Dèwi Sarpakenaka yaiku Prabu Dasamuka (Rahwana) lan Kumbakarna, déné adhiné kekasih Gunawan Wibisana.

Sarpakenaka iku wujudé buta wadon, tutuké nyrengèngès, mripaté tlelengan. Padunungané ing Guthaka. Kasektèné dumunung ing kukuné. Kukuné mawa wisa kang ampuh kaya wisané ula weling. Sing sapa kagarit kukuné mesthi tumekaning pati.

Sarpakenaka duwé garwa arané Ditya Karadusana lan Ditya Kala Nopati, bupati nayaka Alengka, peputra siji yaiku Dèwi Jarini. Sanadyan wis duwé bojo loro, meksa isih kurang marem. Dèwi Sarpakenaka isih sok dhemenan karo Kala Mrica, abdi kinasihé Prabu Dasamuka.

Godha ing alasa Dhandaka

[besut | besut sumber]

Nalika Rama Reghawa, Laksmanadéwa, lan Dèwi Sinta manjing ing sajeroning alas Dhandaka, Sarpakenaka kesengsem ndulu wujudé Rama lan Laksmana sing bagus iku. Banjur malih wanita ayu, niyaté nggodha satriya mau. Rama ora mempan digodha, amarga wis duwé garwa, Rekyan Sinta. Wanita ayu iku didhawuhi nemoni Laksmana sing isih legan. Laksmana ora keguh digodha Sarpakenaka. Nanging Sarpakenaka tetep mbudidaya murih Laksmana gelem nglanggati kekarepané Sarpakenaka. Laksmana disikep wani lan banjur arep dirudapeksa. Laksmana duka yayahsinipi. Irungé kenya sulistya malihané Sarpakenaka iku banjur dipuntir nganti grumpung. Wanita ayu iku sambat kelaran lan sanalika badhar sajatiné wujud yaiku Dèwi Sarpakenaka kang apaès raseksi. Sarpakenaka banjur ipat-ipat nedya males ukum marang satriya sakloron.

Satekané Alengka Sarpakenaka banjur wadul marang sisihané Ditya Karadusana. Dhèwèké kandha yèn arep dirudapeksa marang satriya loro kang lelèdhang ana satengahé alas Dhandaka. Karadusana nesu banget, mula banjur lumebu ing alas Dhandaka saperlu nyirnakané satriya sing dianggep arep nyenyamah garwané iku. Nanging wusanané ora Rama Reghawa lan Laksmana sing sirna, nanging malah Karadusana sing tumekaning pati.

Sawisé mangertèni yèn sisihané sirna mungsuh Laksmana, Dèwi Sarpakenaka banjur mbujuk Rahwana supaya nyolong Sinta. Dasamuka klakon ndhusta Dèwi Sinta digawa bali menyang Alengka lan dipapanaké ana ing Taman Asoka.

Sarpakanaka pralaya

[besut | besut sumber]

Ing perang Giriantara, yaiku perangé nagara Pancawati mungsuh Alengka, Dewi Sarpakenaka maju ana paprangan saperlu arep males ukum marang Laksmana. Nanging wusanané, dudu Laksmana sing sirna malah Sarpakenaka dhéwé sing ngemasi pralaya.

Ing carita liya, Sarpakenaka nalika maju ing paprangan bisa nggawa banthen wadyabala wanara Pancawati kang akèh. Mula Laksmana uga banjur maju ana paprangan mapagagaké kridhané Sarpakenaka. Nanging Laksmana rumangsa kewragangan mungsuh Sarpakenaka. Saka iguh pertikelé Wibisana, Anoman iya Senggana kadhawuhan maju ana paprangan supaya ngilangi kekuwatané Sarpakenaka kang dumunung ana kukuné. Anoman tanggap ing sasmita, tangané Sarpakenaka banjur dicandhak arsa disempal kuku-kukuné. Dèwi Sarpakenaka kang wis dicekeli drijiné arep disempal kukuné iku sambat-sambat kelaran. Anggoné sambat-sambat nganti gulung-koming saéngga ora kejarag agemané padha nglingkap temah wentis lan payudarané kang weweg iku katon ngegla. Éling-éling, Sarpakenaka iku nadyan raseksi (buta wadon) nanging pérangan anggané iku pindha pawakané widodari. Anoman iya Senggana kang wektu iku isih "jaka-tumaruna" dupi priksa weweking payudara lan gumebyar wentisé Sarpakenaka sanalika kamané korut. Tumètèsé kama tumiba ing samodra, lan banjur disidhikara dadi gatra manungsa kang ing tembé kaparingan asma Dèwi Jarini. Dadi yèn miturut pakem iki, Dèwi Jarini iku anaké Dèwi Sarpakenaka patutan karo Anoman. Bareng kukuné Sarpakenaka wis klakon disempal déning Anoman, nuli Sarpakenaka linepasan jemparing déning Laksmana saéngga sirna margalayu.

Deleng uga

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]