Menyang kontèn

Pacé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Pace)
Pacé
Godhong lan wohing pacé (Morinda citrifolia).
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Asterids
Ordho: Gentianales
Famili: Rubiaceae
Génus: Morinda
Spésies: M. citrifolia
Jeneng binomial
Morinda citrifolia
L.
Noni, Morinda citrifolia

Pacé kang duwé jeneng latin Morinda citrifolia, uga sok diarani Indian mulberry utawa awl tree,[1] iku asalé saka laladan Asia Kidul-wétan. Pacé iku minangka salah sawijiné tuwuhan obat kang asring dimupangataké déning masarakat ing Indonésia.[2] Pacé iku wit kang duwé paédah akèh, lan kalébu suku Rubiaceae.[2] Wohé kang warna putih buthek minangka bunder kanthi bunder kaya endhog, lumahané mbénjol-mbénjol.[2] Wijiné akèh, dagingé yèn wis mateng gembuk lan akèh banyuné uga kecut rasané.[2] Lumrahé didadèkaké obat peluruh pipis lan bisa mudhunaké tekanan getih dhuwur, godhongé bisa dadi obat lara weteng, oyoté lan batangé utawa pangé iku ngandhut dat pawarna abang kang kanggo mbathik.[2]

Dhèskripsi

[besut | besut sumber]

Wit pacé bisa urip nganti 4-8 mèter.[1] Pang pacé kayuné duwé wangun bunder, lan kulit kasar.[1] Godhongé, kang ingaran basa Latin Morindae citrifolia Follium, duwé warna ijo, tunggal, bunder endhog, pucuk lan bongkoté lancip, pinggir rata, dawa 10–40 cm, amba 5–17 cm, balung godhong nyirip, lan pang godhongé cilik.[1] Kembangé warna putih, diarani Morindae citrifolia Radix, majemuk, wujud bongkol, duwé pang, panggonané ing kèlèk godhong, benangsari lima.[1] Woh pacé kulité ora rata, basa latiné Morindae citrifolia Fructus, ing wanci isih nom, wohé wernané ijo, sansaya tuwa sansaya kuning, lan sawisé mateng wernané putih transparan, ambuné ora énak, dagingé putih, rasané pedhes, lan ana wijiné.[1] Wiji pacé kaya wajik, wernané soklat abang.[1] Déné oyoté, Morindae citrifolia Radix, wernané soklat abang, oyot tunggang.[1]

Lelara kang nyerang wit pacé

[besut | besut sumber]

Lelara kang nyerang wit pacé iku becak godhong.[3] Ditemokake déning Koorders (1907) ing wit pacé ing Purworejo.[3] Becak godhong gedhé, garis tengahé 1-1,5 cm, akèh, wernané awu layan.[3] Becak kang wis tuwa pecah saéngga ndadèkaké bolong.[3] Lelara iki amarga jamur Physalospora morindae Koord.[3]

Aran liyané

[besut | besut sumber]

Basa liyané pacé ing wewengkon liya sajeroning laladan Indonésia:

  1. Mengkudu (Nasional).[1]
  2. Kemudu (Acèh).[1]
  3. Leodu (Enggano).[1]
  4. Bakudu (Batak).[1]
  5. Bangkudu (Batak Toba, Angkola, lan Malayu).[1]
  6. Paramai (Mandailing).[1]
  7. Makudu (Nias).[1]
  8. Nateu (Mentawai).[1]
  9. Bingkudu (Minangkabau).[1]
  10. Mekudu (Lampung).[1]
  11. Cangkudu (Sunda).[1]
  12. Kuduk (Madura).[1]
  13. Wungkudu (Bali).[1]
  14. Aikombo (Nusa Tenggara, Sumba).[1]
  15. Manakudu (Roté).[1]
  16. Bakulu (Timor).[1]
  17. Mangkudu (Dayak Ngaju, Kalimantan).[1]

Ing laladan manca"

  1. Noni (basa Hawaii).[4]
  2. Nono (basa Tahiti).[4]
  3. Nonu (basa Tonga).[4]
  4. Ungcoikan (basa Myanmar).[4]
  5. Ach (basa Hindi).[4]
  6. Lada (Guam).[4]
  7. Indian Mulberry (India).[4]
  8. Painkiller tree (Kapuloan Karibia).[4]
  9. Nhau (Sapérangan ing Asia Kidul-wétan).[4]
  10. Cheesefruit (Australia).[4]
  11. Bumbo (Afrika).[4]
  12. Kura (Fiji).[4]

Kandhutan

[besut | besut sumber]

Tuwuhan iku duwé dat-dat: metil, asetilester lan kapron danasam-kapril, morindadiol lan soranyidiol[5]. Metil asetil ester ing pacé kanggo matèni kuman.[5] Senyawa moridoné duwé kasiyat minangka obat pencahar. Déné senyawa soranyidiol kanggo nglancaraké nguyuh.[5] Pacé uga duwé kasiyat minangka obat cacing[5].

Kasiyat

[besut | besut sumber]

Nguwataké daya tahan awak

[besut | besut sumber]

Panalitèn kang dilakokaké déning Dr. Schechter (Institut Pangobatan Alami ing California) nuduhaké data-data kang wigati babagan kabisan sari woh pacé, antarané ya iku:

  1. Ngrangsang prodhuksi sèl T ing sistem kakebalan awak (sèl T duwé peranan kang wigati kanggo nglawan lelara) [5].
  2. Nguwataké sistem kakebalan awak, mligi makrofasèt lan limfosit saka sèl getih putih [5].
  3. Nuduhaké èfèk anti baktèri [5].
  4. nDuwèni èfèk anti rasa lara/nyeri (analgèsik)[5].
  5. Mampetaké gedhéné sèl-sèl pra kanker/tumor ya iku kanthi normalaké fungsi sèl-sèl kang abnormal [5].

Mona Harrison, MD saka Boston University School of Medicine lan direktur medis ing D.C. General Hospital,USA nerangaké yèn pacé nambah fungsi klanjer tiroid lan klanjer timus, kang dipercaya nglawan infèksi lan masalah-masalah kang ana gegandhèngané marang sistem kakebalan awak.[5]

Normalaké tekanan getih

[besut | besut sumber]

Miturut Neil Solomon, MD.PhD, woh pacé duwé dat fitonutrien, ya iku scopoletin kanggo nggedhèkaké saluran pambuluh getih kang nyiut.[5] Mangkéné iki ndadèkaké jantung ora perlu makarya luwih abot kanggo mompa getih, saéngga tekanan getih dadi normal.[5] Uji coba marang kéwan nuduhaké yèn scopoletin bisa ngedhunaké tekanan getih dhuwur lan normal dadi asor (hipotènsi kang abnormal).[5] Nanging, scopoletin kang ana ing woh pacé bisa interaksi sinèrgis karo nutraceuticals (panganan kang kanggo pangobatan) liyané kanggo njaga tekanan getih dhuwur dadi normal, nanging ora ngedhunaké tekanan getih kang wis normal.[5] Durung naté tinemu kasus tekanan getih normal mudhun nganti ndadadèkaké tekanan getih asor (hipotènsi).[5] Para ahli saka Univèrsitas Stanford, Univèrsitas Hawaii, University of California (UCLA), Union College of London, Universitas of Meets ing Prancis kang wis nyinaoni pacé sarujuk yèn tuwuhan iki duwé peran ngedhunaké tekanan getih ing akèh kasus.[5]

Resèp obat herbal

[besut | besut sumber]
  1. Hipertensi: 2 woh pacé dibuwang isiné banjur diparut.[6] 1 timun diparut lan diperes, campur parutan pacé lan banyu timun, tambahi gula arèn lan 2 gelas banyu panas, disaring.[6] Diombé sadina kaping telu.[6]
  2. Cacing gelang: 2 woh pacé digodhog banjur diparut, diwènèhi sasendhok uyah.[6] Peres nganggo kain.[6] Diombé sadina kaping telu.[6]
  3. Nglacaraké nguyuh: padha karo resèp cacing gelang.[6]
  4. Watuk: 2 woh pacé digodhog banjur diparut, diwènèhi gula batu sacukupé lan banyu peresan jeruk nipis sithik waé.[6] Diombé sadina kaping telu.[6]
  5. Diabetes: godhong pacé dikumbah banjur digodhog nganti mateng, bisa uga godhong dipangan nganggo lalapan.[6]
  6. Radhang usus: 2 godhong pacé dikumbah, banjur dibebeg, peres wènèhi madu sacukupé.[6] Diombé sadina kaping pindho.[6]
  7. Diare bocah: 2 godhong pacé dikumbah, banjur diolèsi lenga gorèng, lan angetké ing ndhuwur geni nganti alum.[6] Tempèlaké godhong ing weteng lan geger, blebet ganggo gurita.[6]
  8. Kulit mbesisik: 1 woh pacé diremet, banjur digosokaké ing kulit kang mbesisik.[6] Enengké udakara 15 menit, banjur kumbah nganggo banyu anget.[6]
  9. Hepatitis: 2 woh pacé mateng banjur diparut.[6] Campur gula batu sacukupé.[6] Diombé sadina kaping pindho.[6]
  10. Eksem: kumbah 1 woh pacé, tambah kulit wit pacé sithik waé, oyod pacé, banjur digodhog.[6] Sawisé adhem dienggo ngumbah èksém.[6]
  11. Ketombe: 2 utawa 3 woh pacé mateng diremet tambahi banyu sithik waé.[6] Peres.[6] Banyuné dienggo keramas.[6] Enengké udakara 5 menit, bilas nganggo banyu resik, bisa nganggo sampo kanggo ngilangi ambuné.[6]
  12. Encok, pegel linu: Kumbahen 5 lembar godhong pacé kang rada gedhé, olèsi lenga klapa lan angetké ing ndhuwur geni nganti alum.[6] Panas-panas tempèlaké ing panggonan kang krasa lara.[6]
  13. Difteri: Pacé mateng 4 woh dikumbah, banjur diparut, peres nganggo kain.[7]. Banyu peresan dienggo kemu ing tenggorok (gargle) udakara 2-3 menit banjur di leg (diombé).[7] Sedina 3 x 3 séndhok mangan.[7]
  14. Idu getih: Mangan woh pacé mateng.[7]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y Sjabana, Dripa dan Ramadhani R B. 2002.Seri Rujukan Herbal, Pesona Tradisional & Ilmiah, Mengkudu. Hal 4-7. Jakarta: Salemba Medika
  2. a b c d e [Dr. Dripa Sjabana, Dr. Ramadhani Rusdi Bahalwan. MKes. 2002. Pesona Tradisional dan Alamiah MENGKUDU Morinda Citrifolia hal: 4-5. Jakarta. Penerbit: Salemba Medika]
  3. a b c d e Semangun, Haryono. 1989. Lelara-Lelara Tanaman Hortikultura Hal 626. Yogjakarta: UGM Press
  4. a b c d e f g h i j k l "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2013-04-15. Dibukak ing 2011-04-10.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. a b c d e f g h i j k l m n o p .anneahira.:Tanaman Obat Mengkudu Archived 2011-02-22 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 2 Maret 2011)
  6. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y z aa jamu-herbal.com:mengkudu Morinda citrifolia[pranala mati permanèn](diundhuh tanggal 2 Maret 2011)
  7. a b c d .tanaman-obat.com.:Tanaman Obat Mengkudu Archived 2011-04-03 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 2 Maret 2011)